SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA
BAB IX UPACARA ADAT SAJRONE BEBRAYAN JAWA
OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum.
KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017
BAB IX UPACARA ADAT SAJRONE BEBRAYAN JAWA
KISI-KISI DAN BAHAN AJAR No.
Kompeten si Utama
A
B Profesional
Profesional
Profesional
Profesional
Profesional
Profesional
Standar Kompetensi Guru (SKG) Kompetensi Inti Kompetensi Guru Guru (KI) Mata Pelajaran (KD) C D Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran
Indikator Pencapaian Kompetensi (IPK)
Materi pokok
E Menjelaskan fungsi upacara adat mertidesa (bersih desa)
F Upacara adat mertidesa (bersih desa)
Mengidentifikasi Pengetahuan hal-hal yang budaya Jawa dianggap sukerta tentang dalam budaya sukerta Jawa
Menjelaskan makna motif batik dalam perlengkapan (ubarampe) ubarampe) upacara mitoni (tingkepan) Menjelaskan nilainilai budi luhur dalam adat tatacara mitoni (tingkepan) tingkepan) bagi orang Jawa
Upacara mitoni (tingkepan) tingkepan)
Menganalisis nilai-nilai budaya Jawa dalam prosesi siraman
Upacara adat siraman
Menganalisis makna simbolis dalam prosesi upacara pernikahan ( panggih) panggih) Jawa
Prosesi Panggih
Upacara mitoni (tingkepan) tingkepan)
1
BAB IX UPACARA ADAT SAJRONE BEBRAYAN JAWA
KISI-KISI DAN BAHAN AJAR No.
Kompeten si Utama
A
B Profesional
Profesional
Profesional
Profesional
Profesional
Profesional
Standar Kompetensi Guru (SKG) Kompetensi Inti Kompetensi Guru Guru (KI) Mata Pelajaran (KD) C D Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran yang diampu. Menguasai Memahami materi, struktur, bahasa, sastra, konsep, dan pola dan budaya serta pikir keilmuan implementasinya yang mendukung dalam mata pelajaran pembelajaran
Indikator Pencapaian Kompetensi (IPK)
Materi pokok
E Menjelaskan fungsi upacara adat mertidesa (bersih desa)
F Upacara adat mertidesa (bersih desa)
Mengidentifikasi Pengetahuan hal-hal yang budaya Jawa dianggap sukerta tentang dalam budaya sukerta Jawa
Menjelaskan makna motif batik dalam perlengkapan (ubarampe) ubarampe) upacara mitoni (tingkepan) Menjelaskan nilainilai budi luhur dalam adat tatacara mitoni (tingkepan) tingkepan) bagi orang Jawa
Upacara mitoni (tingkepan) tingkepan)
Menganalisis nilai-nilai budaya Jawa dalam prosesi siraman
Upacara adat siraman
Menganalisis makna simbolis dalam prosesi upacara pernikahan ( panggih) panggih) Jawa
Prosesi Panggih
Upacara mitoni (tingkepan) tingkepan)
1
Profesional
Profesional
Profesional
yang diampu. Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.
Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran
Mengidentifikasi basarinengga dalam panyandrapanggi h
Basa rinengga dalam panyandrap anggih
Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran
Menjelaskan nilainilai simbolik dalam upacara ngundhuhmantu
Upacara ngundhuhm antu
Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran
Mengidentifikasi busana pengantin Jawa
Busana pengantin Jawa
Kabudayan Jawa nduweni maneka warna upacara adat. adat. Ana upacara upacara adat kang gegayutan karo uripe manungsa (bobotan, klairan, bocah, diwasa, jejodhoan, kepaten, lsp), gegayutan karo alam (sedhekah bumi, baritan, tolak balak, bersih desa lsp), gegayutan karo agama utawa kapercayan (nyadran, sekaten, suran, grebeg sura, lsp).
I.
UPACARA ADAT MERTI DESA (BERSIH DESA) Merti Desa yaiku salah sijine upacara adat Jawa adat Jawa sing lumrahe dianakake
bubarpanen bubarpanen pari,
dadi
maksude
kanggo
ngucapake
syukur marang
Gusti
tandhuran parineasile apik. Upacara adat iki uga diarani upacara merti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedhekah bumi utawa mreti bumi. Saben
dhaerah
nduweni tata cara lan prosesi prosesi upacara sing seje-seje seje-seje miturut kabiyasan masyarakate. masyarakate. Tuladhane kaya ing ngisor iki:
Tradhisi Sedhekah Sedhekah Bumi Ing Sendhang Maibit Rengel, Tuban Jawa Timur 1)
Mula bukane Sedhekah Bumi Ing Sendhang Maibid, Kabupaten Tuban Sedhekah bumi kang diadani ing Kecamatan Rengel kasebut adhedhasar
dongeng utawa crita rakyat dumadine sendhang Maibid. Kawiwitan saka crita 2
rakyat, lelakone Dwi Sri Sri Penganti putrane Adipati Adipati Tuban. Kang dicritakake dicritakake dening Mbah Taslim (69 th) sesepuh desa Maibit, Kecamatan Rengel Kabupaten Tuban, tanggal 24 April 2016, dene kang wawan rembug Nur Hidayatul Fahri, mahasiswa Jurusan PBD FBS Unesa. Kejaba iku crita kasebut kasebut uga tau kapacak ing rubrik Crita Rakyat Majalah Jaya Baya, wiwit No 39, Minggu V, Mei 2016, kanthi irah-irahan ‘Ontran-ontran Lanjar Maibit”. Nganti crita iki katur, durung cuthel. Ing
kalodhangan iki kaandharake asil wawancara. Critane mangkene. Dewi Sri Penganti, putrane bupati Tuban, sulistya ing warna, saengga akeh nom-noman kang kepengin nggarwa, nanging ora ana kang nuju prana. Sawijine dina sang bupati nampa lamaran nom-noman saka desa Padangan Bojanagara asma Menak Anggrung, klakon jejodhoan. Durung genep 40 dina anggone nikah, Menak Anggrung pamit arep mbebedhag ing alas. Dianti nganti pirang-pirang dina ora kondur. Sri Penganti goreh, ora sabar, banjur nggoleki ing endi papane sisihane, dikancani dikancani adhine adhine kang asma Jaka Jaka Grenteng. Grenteng.
Tekan desa Logawe,
kepethuk pawongan asma Menak Capala. Capala. Weruh kasulistyane kasulistyane sang dewi Manak Capala kepranan, lan nggonjak kepengin ngrabi. Menak Capala nglamar kanthi nggawa iwak bethik kang ing weteng isi endhog, minangka tandha tresnane. Lamaran iku ditolak. Sri Penganti nerusake laku nggoleki garwane. Tekan desa Pakuwon, kecamatan Rengel kepethuk kepethuk
Begendhung. Ora beda karo karo Menak Menak Capaka, Capaka,
Begendhung uga kepranan lan kepengin nggarwa, nanging uga ora kelakon. Lakune Sri Penganti tekan desa Maibit. Ing kono ana banyu bening, kimplahkimplah, awujud sumberan (tuk) kang gedhe utawa sendhang. Ing kono banjur adus. Ali-aline dicopot, diseleh ing watu gedhe sandhing sendhang. Krana lungkrah kesel, dheweke kramas. Nalika ndhangak, dheweke kaget kaget jebul ana sing nginceng, yaiku Dhalang Budaya saka desa Plumbon Kulan. Sanalika dheweke mlayu, mung pinjungan jarik, nganti tekan desa Temayang. Ing kono ora ana sing kenal lan ngerti sapa putri ayu iku. Salah sijine warga kang kapapag, takon sapa sejatine dheweke lan apa tujuane tekan kono. Sri Penganti matur sakecandhake (asal omong), kanthi wangsulan wangsulan golek gaweyan. Sri Pengati katelah katelah putri babu. babu. Ing kono dheweke bisa ketemu karo sisihane. Karepa arep ngesok rasa kapange, nanging bojone sujana lan ora seneng Sri Penganti ana kono. Dheweke didakwa tumindak sedheng karo Jaka Grenteng, ya adhine Dewi Sri Penganti. Menak Anggrung arep merjaya merjaya sisihane. Kanthi suka rena Sri Penganti dipateni, nanging dheweke nduwe panjaluk kudu dikubur sapanggonan. Sawise telung dina makam iku kudu dibongkar, yen layon mau rangkulan ateges dheweka pancen sedheng. Nanging yen ungkur-ungkuran, ungkur-ungkuran, Sri Penganti isih setya marang sisihane. sisihane. Syarat kasebut ditampa. Bareng kubur dibongkar, dibongkar, pranyata layon layon iki singkuran. Menak Anggrung getun banjur lampus dhiri. Amarga Amarga lelakone Dewi Sri Penganti kang mobat-mabit, anggone nggoleki sisihane mau, mula papan padusane kawastanan 3
desa Maibit. Lelakone Lelakone mau dipengeti kanthi Bersih Bersih Desa utawa utawa Sedhekah Bumi Bumi kang nganti saiki isih dilakoni dilakoni (dicritakake dening Mbah Taslim, Taslim, kaserat mawa mawa basane penulis).
2)
Tata laku utawa Prosesi Sedhekah Bumi ing Sendhang Maibit Sedhekah bumi katindakake saben bubar panen, ing saben taun, ing dina Rebo
Legi. Seminggu sadurunge adicara adicara pokok masyarakat masyarakat wis wiwit resik-resik resik-resik ing sakiwa tengene sendhang, papan padusane Dewi Sri Penganti. Ibu-ibu wiwit nyepakake jajan pasar lan panganan kanggo kanggo isi jodhang. jodhang. Uga gawe sajen
kang diseleh ing papan
padusan utawa sendhang. Ing dina Slasa Kliwon, malem Rebo Legi, masyarakat nganakake maca maca tahlil lan melekan (tuguran) ing sendhang. Esuke, ing dina Rebo Legi Pak Modin mragat sapi 3, kanggo acara kasebut. Ibu-ibu kapatah masak. Sawise mateng, didum marang warga desa lan sakiwa tengene. tengene. Sabanjure masyarakat masyarakat nggawa nggawa jodhang kasebut diterake diterake menyang sendhang. Isine jodhang kajaba sega salawuhe, uga ubarampe jangkep, kaya ta: panggang ayam, urap-urap, jajan / camilan (tetel, jenang, wajik, satru, apem, lsp). Sapurnane slametan ing sandhing sendhang, adicara diteruske wayangan, kanthi lakon Dewi Lanjar Maibit . Ora ana lakon liyane, warga desa d esa lan dhalang ora wani nerak (yen diterak mbilaheni). Tujuane kejaba kanggo hiburan uga kanggo tolak balak lan pangajab kahanan kahanan desa ayem tentrem, lan adoh adoh saka bebaya. Warga kang kang durung nikah, mbukak jodhang siji mbaka siji. Isine didum marang warga kang teka ing adicara iku. Nanging biasane isine jodhang kanggo rayahan, ngalab berkah Lanjar Maibit. Watara jam 13.00 WIB, wayang wis tancep kayon, ateges bubar utawa rampung. Perangkat desa njegur sendhang nggawa ambeng kang wis didongani karo ngujubake apa tujuan, yaiku sedhekah sedhekah bumi. Ing pangajab pangajab tahun tahun ngarep bisa panen lan asile luwih apik. Warga desa uga banjur njegur sendhang, ngroyok ambeng kasebut, karo sirat-siratan banyu sendhang. Sirat-siratan iku minangka lambang wujud rasa syukur lan seneng, amarga Gusti wis paring paring rejeki. Bengine, bakda maghrib, adicara adicara wayangan dibacutake ing Bale Desa. Sedhekah bumi kudu dianakake. Masyarakat percaya menawa ora nindakake, sendhang Maibit bakal asat, tuke padha mampet, saengga ora bisa olah tetanen lan ora panen sebab banyune asat. asat. Kapitayan iku wis mbalung sungsum ing masyarakat. masyarakat. 4
Tekan kapan ora ana sing ngerti. Paraga Sri Panganti kawastanan Lanjar Maibit, krana dheweke iku randha lanjar kang manggon ing desa Maibit. Randha lanjar iku randha sing durung duwe anak. 3)
Ubarampe Sedhekah Bumi Ubarampe kang disiapake dening panitia, utamane ibu-ibu seksi konsumsi, (1)
sajen lan (2) isi jodhang. Ubarampe sajen awujud: buceng lan ambeng, pitik panggang, urap-urap, ingkung pitik Jawa, endhog pitik Jawa mentah 2, kembang setaman, menyan, suri/ sisir, wedhak
lan kaca, bantal abang, cengkir, jambe, kupat lepet,
gedhang raja, diwadhahi, ditata ing tampah, banjur diseleh ing pinggir sendhang papan padusane Sri Penganti. Ambeng lan buceng diseleh ing sumberan / tuk sendhang, kang digawa njegur sendhang sadurunge siratan. ( mbah Taslim, 2016). Ambeng kasebut kanggo rebutan, utawa ngalab berkah (mencari barokah). Isine jodhang sega punar, pitik panggang, gedhang raja, krecek, tape, wajik, satru, reteh, jenang ketan ireng, madu mangsa lsp, yaiku awujud panganan khas dhaerah.
Jajan kasebut bisa ditambah manut selerane masyarakat. Bisa awujud
panganan tradhisional utawa kuwe, lan buah-buahan. Kejaba iku masyarakat uga gawe utawa nggawa berkatan (ambeng salawuhe) kanggo acara siratan. Kabeh masyarakat kebagian berkat lan oleh tambahan jajan saka jodhang. Sedhekah bumi kasebut jumbuh karo tradhisi methik utawa wiwit ing tanah Jawa. Wujud sujud syukure masyarakat kang pinaringan rejeki, asil panen apik. Paraga Dwi Sri Penganti putrane Adipati Tuban (ora disebut asmane), kang kawastana Lanjar Maibit, jumbuh karo Dewi Sri yaiku dewi kesuburan utawa dewine among tani kang tansah dimemule. Desa mawa cara negara mawa tata, werdine senajan tata laku lan ubarampene beda
nanging tradhisi-tradhisi kasebut nduweni ancas lan tujuan
padha.Tujuane yaiku manembah marang Pangeran, Allah SWT kanthi ngucap syukur lan nyuwun pangayoman. Ing pangangkah warga desa bisa urip tentrem, bagya mulya, sandhang lan pangan kecukupan. 4)
Fungsi Sedhekah Bumi tumrap Masyarakat Sewenehing tradhisi ditindakake dening masyarakat, mesthi nduweni tujuan.
Geertz (1882: 110) ngandharake yan tradhisi sejenis merti desa kalebu slametan
5
kolektif, yaiku slametan kang diadani bebarengan dening warga masyarakat. Papan lan wektune uga wis tinamtu. Tradhisi kang mangkono tinemu ing sadhengah papan. Bersih desa kalebu slametan desa. Slametan kasebut ana gayutane karo pakurmatan marang danyang desa. Roh kang mbaureksa diluwari kanthi bersih desa, (1) nyuwun kaslametan lan kamulyan donya akhirat kang nyartani kabeh warga desa. Utawa kanggo ‘nylameti’ utawa ‘nyedhekahi’ sawah ing desa kasebut supaya kaparingan
rejeki kang akeh. Supaya ing bumi, ing alam donya utawa tanah ora ana gangguan lan karusakan, mula saben tahun sawise panen masyarakat gotong royong, saiyeg saeka praya bebarengan ngadani tradhisi kasebut; (2) Medharake rasa syukur marang Gusti kang paring
rejeki lan keslametan.
Rasa syukur mau awujud kembul bujana
bebarengan ing papan tartamtu;lan (3) ngundhakake silaturahmi. Ing adicara kasebut warga desa tumplak blak, tanpa ana bedane. Papan mau ing saben dhaerah, ora padha. Ana sing katindakake ing ngarep makam, ana sing ana sendhang, uga ana sing ing patilasan, plataran masjid utawa musala, ana uga kang matah ing salah sijine omahe warga.(4) Shadaqoh, gayut karo istilah shadaqoh, wong Jawa mastani sedhekah. Tradisi kasebut kawastanan sedhekahan. (5) Memule sing mbureksa desa utawa
atur pakurmatan, minangka tandha mikul dhuwur mendhem jero marang
arwah sing mbaureksa desa. Ateges ora lali marang jasa lan perjuangan simbah-simbah kang wus sumare, sowan ngarsane Gusti Kang Maha agung. Kanthi ndonga, kembul bujana, bawa rasa, dilakoni bareng-bareng wong sakampung, saengga tuwuh rasa handarbeni. Warga masyarakat sengkut, cancut tali wanda bebarengan nindakake adicara mbangun desa. Muga-muga ing taun candhake bisa ngadani adicara kasebut, lan minangka tradhisi taunan.
II.
UPACARA RUWATAN LAN SUKERTA Ruwatan iku upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake wong
komunitas utawa wewengkon saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing bisa nyebabake bencana. Upacara adat iki
6
asale saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifate sinkretis sing saiki diadhaptasi lan disalarasake karo ajaran agama. Maknane ruwatan sejatine reresik diri saka sakehing dosa lan panggawe ala, nggedhekake rasa panembah marang Gusti kang akarya jagad dimen rahayu uripe. Tembung "ruwat" uga ateges "bebas" saka sakehing goda, coba lan rencana, bebendu, dosa, lara, lan sapanunggalane. Ruwatan iku upacara adat Jawa sing tujuwane kanggo mbebasake utawa ngluwari wong, masyarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Ing alam bebrayan Jawa uga tinemu tradhisi ruwatan kang gegayutan karo kapitayan masyarakat. Kang diruwat yaiku bacah-bocah utawa wong sukerta, yaiku wong-wong kang dadi mangsane Bathara Kala. Bathara Kala iku putrane Bathara Guru. Nalika iku Bathara Guru lagi nganglang jagat karo Dewi Uma, garwane nitih Lembu Andhini. Wayah sore nalika kena sunare bagaskara pasuryane Dewi Uma katon sulistya banget. Bathara Guru ora kuwat nahan birahine, kamangka Uma ora gelem dijak saresmi ing gigire sapi, mula manine netes neng samodra. Bumi ora bisa nampa bab iku, banjur tuwuh lindhu, kilat, thathit, lan gludhug magenturan, segara lir kinocak, banjir bandhang, lan ora ngerti apa sebabe. Bethara Guru njupuk banyu perwitasari saka kahyangan kasiramake ing bumi. Kahanan ndonya tentrem maneh. Bebarengan karo iku, saka telenge samodra, ana raseksa gedhe dhuwur nggegirisi lan nggegilani. Umat manungsa padha wedi lan mlayu. Raseksa iku mau sowan ing ngarsane Bethara Guru, saperlu nyuwun priksa sapa sejatine
dheweke lan sapa wong tuwane. Raseksa iku diakoni minangka putrane
Bethara Guru, lan kaparingan asma Kala. Gandheng putrane dewa mula banjur kawastanan Bethara Kala.
Kejaba diparingi jeneng,
Bethara Kala uga pinaringan
sandhangan Klepu Dewandaru, saengga katon gagah lan seneng banget atine.
A. Sukerta Nalika Bethara Kala njaluk mangan dening Batara Guru dijawab yen Bathara Kala kudu golek pangan dhewe. Papane ana Lo Bang Wetan Pinggir Jurang. Bathara Kala tumuju papan kasebut. Sawise mangan,
pranyata rasane pait.
Krana raseksa,
dheweke njaluk pangan kang awujud manungsa. Bethara Guru maringi palilah, nanging
7
kang oleh dipangan mung wong sing klebu sukerta. Sing kalebu wong-wong sukerta, yaiku: (1) Ontang –anting, anak tunggal, ora duwe sedulur, (2) Lumuting tangguling aren, anak lair tanpa ari-ari, (3) Gedhini- gedhana, anak loro lanang wadon, (4) Pandhawa, anak lima lanang kabeh, (5) Pandhawa ngayoni, anak lima, kang ragil wadon. (6) Sendhang kapit pancuran, anak telu sing nomer 2 wadon, (7) Pancuran kapit sendhang, anak telu sing nomer 2 lanang, (8) Kembar, anak kang lair bareng wadon utawa lanang kabeh, (9) Dhampit, kembar nanging lanang wadon, 10) Sarimpi (anak papat wadon kabeh) (11) Saramba (anak 4 lanang kabeh), (12) Jempina, anak kang lair, lagi 7 wulan ing kandhutan, (13) Tiba sampir, anak lair kalung usus, (14) Wahana, lair ing pekarangan utawa ing latar, (15) Julung sungsang, lair ing wayah bedhug, (16) Julung wangi, lair ing wanci subuh, (17) Julung pujud, lair ing wanci surup, (18) Slewah, anak lair kanthi kulit putih lan ireng, (19) Margana, anak lair ing ndalan, (20) Wong gawe mutungake pasangan, (21) Wong adang (menanak nasi ) ngrubuhke dandang, (22) Wong sing nugelake gandhik, (23) Bathang lelaku, wong sing mlaku ing wanci bedhug, (24) Wong gawe omah ora nganggo tutup keong, (25)
Wong nylumbat klapa slumbate ora dibubut (Sutrisna, 2005:29-31, Suwarni,
2014:123). Ana pamawas liyane bab jinis menungsa sing disenengi Bathara Kala lan dikuwatirake ngalami sukerta. Miturut kepustakaan ” Pakem Ruwatan Murwa Kala “ Javanologi gabungan saka pirang-pirang sumber, antarane saka Serat Centhini ( Sri 8
Paku Buwana V ), uwong sing kudu diruwat kuwi jenenge anak utawa uwong ”sukerta”.
Sing kalebu sukerta, yaiku : (1) Ontang-Anting, yaiku anak tunggal lanang utawa wadon. (2) Uger-Uger Lawang, yaiku anak loro lanang kabeh. (3) Sendhang kapit Pancuran, yaiku anak 3 sing mbarep lan ragil lanang lan anak sing kaping loro wadon. (4) Pancuran Kapit Sendhang, yaiku anak 3, sing mbarep lan ragil wadon lan anak sing nomer loro lanang. (5) Anak Bungkus, yaiku anak sing lair kabungkus karo ari-ari ( placenta). (6) Bocah Karendha, yaiku bocah kembar nunggal bungkus. (7) Anak Kembar, yaiku anak loro sing lair bareng, lanang utawa wadon kabeh, utawa “kembar dhampit” yaiku kembar siji lanang siji wadon.
(8) Bocah tawang gantungan, yaiku bocah kembar laire ganti dina. (9) Kembang Sepasang, yaiku anak loro wadon kabeh. (10) Kendhana-Kendhini, yaiku anak loro, siji lanang siji wadon. (11) Saramba, yaiku anak lanang kabeh, cacahe 4. (12) Sarimpi, yaiku anak wadon kabeh, cacahe 4 (13) Bocah cukil dulit , yaiku bocah wadon telu kakang adhi. (14) Bocah gotong mayit, yaiku bocah lanang telu kakang adhi. (15) Mancalaputra atau Pandhawa, yaiku anak 5 lanang kabeh. (16) Mancalaputri utawa Pandhawi, yaiku anak 5 wadon kabeh. (17) Pipilan, yaiku anak 5, sing 4 wadon, lan sing siji l anang. (18) Padangan, yaiku anak 5, sing 4 lanang, lan siji wadon. (19) Julung Pujud, yaiku anak sing lair pas srengenge angslup. (20) Julung Wangi utawa julung kembang , yaiku anak sing lair pas srengenge njedhul. (21) Julung Sungsang, yaiku anak sing lair pas jam 12 awan. (22) Tiba Ungker, yaiku anak sing lair, terus mati. (23) Bocah sumala, yaiku bocah cacat wiwit lair. (24) Bocah wuyungan, yaiku bocah lair bareng kesripahan (25) Jempina, yaiku anak sing mati pas umur 7 sasi ing weteng. (26) Tiba Sampir, yaiku anak sing lair kalungan usus. 9
(27) Margana, yaiku anak sing lair pas ana dalan. (28) Wahana, yaiku anak sing lair ing ngarep omah utawa ing latar ngomah. (29) Siwah atau Salewah, yaiku anak sing lair nduweni 2 jinis werna kulit, ireng lan putih. (30) Bule, yaiku anak sing lair nduweni kulit kaya bule. (31) Kresna, yaiku anak sing lair nduweni kulit ireng. (32) Walika, yaiku anak sing lair prematur utawa cilik banget. (33) Wungkuk, yaiku anak sing lair nduweni geger sing bengkok. (34) Dengkak, yaiku anak sing lair nduweni geger sing nonjol, kaya geger unta. (35) Wujil, yaiku anak sing dilairake cebol. (36) Lawang Menga, yaiku anak sing dilairake pas anane “candhikala” yaiku langit sing katon abang. (37) Made, yaiku anak sing dilairake ora nganggo lambaran/klasa. (38) Uwong sing ngliwet, ngebrukake ” dandang “ (wadhah sing kanggo ngliwet). (39) Mecahake ” pipisan ” lan nugelake ” gandhik “ (landhesan lan watu sing kanggo ngalusake bumbu). (40) Uwong sing manggon ning omah sing ora enek ” tutup keyonge “ (41) Uwong sing turu ing dhuwur kasur ora ngganggo sprei (sing dianggo nutup kasur). (42) Uwong sing nggawe pajangan utawa hiasan ora nganggo samir utawa godhong gedhang. (43) Uwong sing duwe lumbung pari utawa kopra sing ora nganggo alas lan payon. (44) Uwong sing ndhelehake barang ( contone: dandang ) ora diwenehi tutup. (45) Uwong sing ngguwang tuma (kutu) sing isih urip. (46) Uwong sing ngadeg ing tengah lawang. (47) Uwong sing ndhodhok ing ngarep lawang. (48) Uwong sing sangga wang. (49) Uwong sing senengane ngobong kulit bawang. (50) Uwong sing nggathukake barang siji lan sijine (contone: dandang diedu karo dandang). (51) Uwong sing seneng ngobong rambut. (52) Uwong sing senengane ngobong klasa sing saka pring. 10
(53) Uwong sing senengane ngobong kayu uwit “kelor”. (54) Uwong sing senengane ngobong balung. (55) Uwong sing senengane nyapu ora ditutukake, utawa ora diobong sisan. (56) Uwong sing senengane ngguwang uyah. (57) Uwong sing mbuwang regetan saka cendhela. (58) Uwong sing mbuwang regetan neng longan. (59) Uwong sing turu pas srengenge njedhul. (60) Uwong sing turu pas srengenge angslup ( wayah surup ). (61) Uwong sing menek uwit pas jam 12 awan ( wayah bedhug ). (62) Uwong sing turu pas jam 12 awan. (63) Uwong sing ngliwet trus ditinggal lunga. (64) Uwong sing senengane ngakoni duweke wong liya. (65) Uwong sing senengane ninggal beras ing ” lesung ”. (66) Uwong sing ngembrukake pemean “wijen”.
B.
Piranti Ruwatan Ana pirang-pirang piranti sing kudu ana ing upacara ruwatan. Ruwatan lumrahe
kanthi nanggap wayang kulit purwa kanthi lakon ‘ Murwakala’. Piranti sing digunakake
kanggo ruwatan miturut adat, ing antarane : a.
Gamelan Jawa,
b.
Wayang Kulit sak kotak, komplit,
c.
Kelir utawa kain,
d.
Blencong utawa lampu minyak,
e.
Sesajen kang kudu disediyakake, yaiku : 1)
Tuwuhan, antarane ana gedhang raja sing uwis mateng lan apik, sing ditegor karo gagange, lan cengkir gadhing utawa klapa enom, wit tebu karo godhonge, godhong ringin, godhong elo, godhong apa-apa, godhong serep, godhong alang-alang, godhong meja lan kara, lan godhong kluwih sing sakabehe ditali ngadheg ing cagak lawang. Iku nduweni teges dadi pasren (hiasan) lan nelakake penyuwunan.
11
2)
Kembang mayang loro, sing uwis dipaes diselehake ing mburi kelir kiwa lan tengen, kembang setaman ing bokor diselehake ing ngarepe dhalang sing bakal dinggo ngedusi Bathara Kala lan wong sing diruwat.
3)
Geni utawa watu areng ing njero anglo, kipas, lan kemenyan sing bakal digunakake Ki Dalang sajroning tanggapan.
4)
Kain mori putih kurang luwih dawane 3 meter, digelar ing ngisor debog panggungan saka kelir nganti sak mburining kelir lan diwenehi kembang mawar ing ngarepe kelir nganti panggonan lenggahe Dalang. Ing mburi kelir minangka panggonan lelenggahane uwong sing diruwat kanthi nganggo slimut kain mori putih.
5)
Gawangan kelir sisih ndhuwur, dipaes nganggo kain bathik sing anyar, cacahe 5, antarane kain sindur, kain bango tulak, lan diwenehi pari segedheng.
6)
Maneka-warna sega sing kudu ana, yaiku : (1) Sega Golong nganggo goreng-gorengan, pindhang, kluwih, pecel pitik, lan sayur menir. (2) Sega Wuduk nganggo iwak lembaran, lalaban, timun, lombok gedhe, abang lan ijo, brambang, lan dhele ireng. (3) Sega Kuning nganggo endhog pitik sing didadar, cacah telu, lan srundeng.
7)
Maneka-warna bubur/jenang, yaiku : (1) Jenang abang, (2) Jenang putih, (3) Jenang kaleh, (4) Jenang baro-baro (bubur sing werna-werna)
8)
Maneka-warna jajanan pasar, yaiku: Gedhang raja, jambu, salak, suruh sing diwenehi dhuwit, gula Jawa, klapa, jajanan arupa blingo sing diwenehi werna abang, kemenyan , kembang, banyu sing diwadhahake cupu, jarum lan benang ireng-putih, kaca cilik, kendhi sing isine banyu, empluk (kacang ijo, dhele, kluwak, kemiri, gereh, endhog pitik, dan dhuwit sak sen).
9)
Piranti liyane, yaiku : (1) Benang lawe, minyak klapa kanggo lampu blencong. 12
(2) Arupa kewan-kewanan kaya manuk dara, pitik, utawa bebek.
C.
Tata Cara Ruwatan Tata cara ruwatan antarane : a. Nanggap wayang purwa kanthi lakon “Murwa Kala”. Kanggo kulawarga sing ora mampu nanggap wayang bisa ngundang dhalange wae, tanpa nganggo gamelan lan wayange. Dhalange bisa crita wae babagan lakon “Murwa Kala”.
b. Dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambut lan siraman. Sing bakal nyukur yaiku wong tuwa saka anak sing bakal diruwat. Rambut sing dicukur bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediyakake. c. Kanggo syarat, dijupuk sethithik wae getih saka asal siale. Getih kuwi bakal dilarung. Carane njupuk getih nganggo ri (duri), trus dioleske ana kapuk putih. Ri karo kapuke mau dilarung karo: (1) Beras 4 kg (2) Slawat 1 Dirham (dhuwit regane emas 1 gram) (3) Pitik (4) Theklek (sandhal saka kayu) (5) Benang lawe sagulung (6) Endhog pitik sing lagi metu, durung enek sedina (7) Gula setangkep (gula Jawa sapasang), gula pasir 1 kg (8) Rambut sing dicukur (9) Klapa 1 cacahe Kelapa, benang lawe, endhog pitik, kapas lan eri dilabuh ka ro maca: “Ingsung ora mbuwang klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake apesing awakku”.
D. Piwulang Sajrone Upacara Ruwatan Upacara ruwatan sing dianakake wong Jawa ora bisa ditegesake utuhan. Menawa digatekake, upacara ruwatan kuwi ora mung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan nglarung sesajen nanging uga nduweni makna saka urut-urutaning upacara. Intine upacara ruwatan kuwi nduweni piwulang :
13
(1) Menawa didelok syarat-syarate ruwatan, mesthi meh kabeh menungsa kuwi kudu diruwat. Kuwi nuduhake rasa pepeling supaya menungsa kerep sedhekah kanggo kaslametan kita. Sabenere kuwi ora kudu nganggo upacara ruwatan amarga ruwatan kuwi karana katentreman ing jero ati. (2) Ruwatan mesthi ana gegayutane karo Bathara Kala. Sabenere Kala kuwi tegese wektu. Nduweni teges supaya menungsa bisa ngurmati wektu, uga wedi karo wektu. Tuladhane, mbesok saben menungsa bakal meruhi mati. (3) Ruwatan kanggo ngresiki dosa-dosa kita. Nduweni teges supaya kita tansah tumindak sing apik, lan ngedohi tumindak sing ala, sing bisa ndadekake uripe menungsa ora tentrem (simplicityarea.blogspot.com/2010/12/upacara-ruwatan.htm, diakses tgl 20 Juli 2016)
III. UPACARA MITONI (TINGKEPAN) Upacara tingkeban ugi saged dipunwastani mitoni, ingkang saking tembung pitu tegesipun inggih menika angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi priyantun estri sampun ngandhut pitung sasi saha nembe ngandhut sepisan. Upacara tingkeban menika salah – satunggaling tradhisi ingkang wonten ing Jawa tansah dipunuri-uri dumugi sakmenika. Tradhisi menika anggadhahi ancas inggih menika kagem nepangaken bilih pendhidhikan menika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Nalika ngandhut kathah sanget perkawis sae ingkang kedah dipuntindakaken dening biyungipun, lan ugi biyungipun kedah nebihaken saking perkawis ingkang boten sae. Menika anggadhahi teges supados putra ingkang badhe dipunlairaken dados putra ingkang sae.
a. Tatacarane Mitoni Miturut para winasis, tembung mitoni asalipun saking tembung pitu, saged dipun tegesi pitutur, pituduh tumuju kasaenan lan kaluhuran. Wondene, miturut ilmu medhis, jabang bayi ngancik umur 7 wulan sampun nggadhahi wewujudan minangka manungsa kanthi wetah, pramila lajeng dipunpengeti kanthi ngawontenaken syukuran. Nalika nindakaken upacara tingkeban wonten lelampahan ingkang kedah dipuntindakaken, inggih menika : (1) Siraman dipuntindakaken dening sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembe 14
ngandhut. Saenipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah. (2) Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu dening calon bapak (garwanipun ) saking padharanipun ngantos pecah. Menika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhe dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal menapa. Padatanipun, bilih priyantun estri ingkang nembe ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, kedah ndedonga kagem kaslametan, mliginipun wonten ing wekdal pitung sasi. (3) Salajengipun inggih menika gantos rasukan ( wusana ) kaping pitu dipunrangkepi kain pethak (putih). Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci saha badhe pikantuk rahmat saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa. (4) Sasampunipun calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, salajengipun inggih menika adicara medhot lawe ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dene ingkang medhot benang lawe inggih menika calon bapakipun, samenika anggadhahi ancas supados bayi ing kandhutan samangke saged lair kanthi gampil. (5) Menawi lawe sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking calon ibu, nggendhong klapa
gadhing dipunkancani
dening
ibu
besan.
Ananging
saderengipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani dening calon simbah putrinipun. Ancasipun inggih menika supados samangke bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubeda satunggal menapa. (6) Lelampahan adicara ingkang salajengipun inggih menika calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi saderengipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang sampun
dipungambari Kamajaya saha Dewi
Ratih utawi Arjuna kaliyan
Wara
Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali gambaripun kalawau. Menawi klapa ingkang dipungepuk
15
kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayinipun badhe lair kakung, bilih menawi ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun estri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, dereng mesthi dados kasunyatan). Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saestu dhumateng Gusti Ingkang Maha
Kuwasa,
mila
punapa
ingkang
dipungayuhaken
saged
kawujud. (7) Sabibaripun upacara siraman menika kalajengaken upacara milih sekul jene ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara sadeyan (dodol dhawet saha rujak). Anggenipun mbayar dodolan ngangge logam ingkang kadamel saking remukan gendheng (kreweng) ingkang dipunbentuk bunder, arupa yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kreweng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara menika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangke pikantuk kathah rejeki, saged kangge nyekapi gesangipun kulawarganipun saengga saged ngamal ingkang kathah. Tuladha gambaripun kados makaten:
(https://www.google.com/search?q=RUWATAN&sa=X&biw=1366&bih=657&tbm= isch&tbo=u&sour, diakses tgl 10 Juli 2016)
b.
Ubarampe Upacara Tingkeban Ubarampe ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih menika awujud
maneka werna dhedhaharan. Ancasipun wonten dhedhaharan menika minangka tandha syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwasa awit sedaya sih nugrahanipun. 16
Jinisipun ubarampe antawisipun dhaerah ugi sok benten-benten, tuladhanipun kados makaten: (1) Tumpeng Kuwat. Tumpeng kuwat minangka simbol supados bayi ingkang badhe dipunlairaken samangke sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tempe, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel hiasan saha terong mentah ingkang dipunonceki ananging kulitipun tetep taksih nemplek, saha dipunsukani urap-urapan. (2) Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kemawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kados
kue apem,
nangka, jeruk,
kue cucur,
kue bolu,
kue lapis, saha
bengkowang, timun, pisang,
kacang
woh-wohan
godhog,
lan
sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kalawau dipuntata kanthi rapi (sae) nembe dipunsajekaken. (3) Keleman. Keleman
inggih
punika
kados
ubi-ubian.
Keleman
ingkang
dipunbetahaken dados ubarampe upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta: ganyong, gembili, ubi jalar, tela, kenthang, wortel, saha erut. Maneka warna keleman dipunsajekaken wonten ing setunggal wadhah kados ta nyiru (tampah). (4) Rujakan. Rujakan punika kadamel saking maneka warna woh-wohan kados ta jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados setunggal saha dipunsajekaken kanthi sae ngantos raosipun rujak eca. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhe dipunlairaken samangke saged ngremenaken kulawarganipun. (5) Dhawet.
Kangge
nggampilaken
anggenipun
damel,
dhawetipun
saged
dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dhawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun eca. Menawi kepengin seger saged dipuntambahi es batu. (6) Sajen Medikingan. Sajen punika dipundamel kangge lairanipun putra ing sangandhaping putra mbajeng piyambak. Dene ubarampenipun inggih kados mekaten:
17
a)
sekul jene ingkang wangunipun kerucut.
b)
sekul loyang, inggih punika sekul jene ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
c)
enten-enten, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing.
d)
bubur utawa jenang 7 warna, inggih punika kombinasi : (1) bubur abang (2) bubur putih (3) merah ditumpangi putih, (4) putih ditumpangi merah, (5) putih disilang merah (jenang/ bubur palang abang), (6) merah disilang putih (jenang/ bubur palang putih), (7) baro-baro (bubur putih diwenehi parutan kelapa lan sisiran gula Jawa).
e)
bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan. (http://noviliyacemong.blogspot.co.id/2014/12/tradhisi-tingkeban.html diakses 10 Juli 2016).
Tuladhanipun gambar sajen:
Rantamane tatacarane tingkeban kang prasaja, mangkene: (1)
Pambuka
(2)
Mijiling Calon Ibu lan Calon Bapak saking tepaswangi/pantibusana
(3)
Sungkeman ing Rama/Ibu
(4)
Tumuju Pasiraman
(5)
Siraman
(6)
Sesuci (Juru Pangrengga Busana)
(7)
Ganti Nyamping
18
(8)
Babon Angrem
(9)
Nigas Janur Kuning (benang lawe)
(10) Brojolan (11) Mecah Cengkir Gadhing (12) Sade Rujak (13) Wilujengan
“Niat ingsun
nylameti jabang bayi, supaya kalis ing rubeda, nir ing sambikala, saka
kersaning Gusti Allah. Dadiyo bocah kang bisa mikul dhuwur mendhem jero wong tuwa, migunani marang sesama, ambeg utama, yen lanang kadya Raden Komajaya, yen wadon kadya Dewi Komaratih..kabeh saka kersaning Gusti Allah.
c.
Nilai-Nilai Budi Pekerti Dalam Tradhisi Tingkeban Tradhisi yaiku perangan saka kabudayan. Tradhisi pakulinan kang wis dilakokake
dening masyarakat turun-temurun saka mbah buyut kang wus seda. Masyarakat utawa bebrayan Jawa lumrahe nindakake adicara slametan kanthi ubarampene apa wae kang dadi tradhisine wong urip wiwit mijil nganti mati. Siklus uripe manungsa kuwi miturut wong Jawa ana 5 kedadeyan penting kang disandhang, yaiku mbobot, mijil, manten, mantu, lan mati . Kabeh kuwi ditindakake nganggo slametan, nanging ora mung lima kuwi wae, uga ana slametan kanggo kagiyatan saben dinan. Utamane kanggo para tani yaiku wiwit, tingkepan pari, methik lan liya-liyane, kanggo dagang uga ana slametan sing gayutane karo panggonan kayata mbangun omah, pindhah omah utawa boyongan, ana bersih desa utawa ngresiki sukerta sing ana ing desa, ruwatan kanggo menungsa, nyadran, megengan lan liyane. Pirang-pirang slametan kuwi mau karepe lan tujuwane ya mung nyuwun keslametan marang Gusti Kang Maha Kuwasa sing digathukake karo budaya. Mulane ndadekake kedadeyan sinkretisme antarane kapercayan, agama, lan budaya. Adat istiadat wong Jawa slametan iki isih dilestarekake lan diuri-uri senadyan ta saperangan warga ana kang wis ninggalake sithik mbaka sithik karana ora ana ing sajrone agama kang dianut. Tradhisi slametan wis ditata kanthi permati. Slametan kuwi salah sawijine kapitayan masyarakat Jawa, sing gayutane karo aspek sosio kultural sing asipat religius. Tujuwan slametan kuwi (1) nglestarekake tradhisi sing wis ditindakake kanthi turuntemurun utawa nglestarekake budaya lan rasa wedi karo anane walat, (2) minangka 19
rasa syukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, (3) silaturahmi karo warga masyarakat, (4) sedhekah, lan (5) mung karana melu-melu (partisipasi/ praja) karo tradhisine warga sakampunge. Tegese, mung karana isin karo tangga kiwa tengene amerga tangga kiwa tengene nindakake. Ing alam bebrayan Jawa tinemu maneka warna tradhisi slametan. Tradhisi kang lumrah ditindakake umume digayutake karo urip bebrayan. Wiwit isih ana ing kandhutan, nganti ing alam kubur, tansah dislameti. Krana slametan iku gayut karo proses panguripane umat manungsa (mbobot, mijil, mantu, manten lan mati) kawastanan lima ma (Suwarni.2014). Miturut Sutrisna (2002) proses kasebut kawastanan daur hidup adat Jawa. Tradhisi lima ma kawiwitan nalika sawijine calon ibu nggarbini. Wiwit umur sewulan nganti 9 wulan. Kandhutan sewulan kawastana eka kamandanu, wulan sabanjure dwi panunggal, tri lokamaya, catur hangga jati, panca yitma jati, sad loka jati, sapta kawasa jati, hasta sabda jati , lan nawa purna jati. Slametan tumrap sawise bayi lahir, nganti tumekaning diwasa, dislameti brokohan, sepasaran, puputan, selapanan, tedhak siten, setahun, sewindu, sunatan, pasahan (pangur), sukeran, lan ruwatan. Tradhisi kang awujud slametan kasebut cetha ngandhut nilai filosofis tartamtu uga karakteristik ing budaya dhaerah. Slametan ana gayutane karo kapercayan, dudu kewajiban sing kudu ditindakake lan ora ana gandheng-cenenge klawan agama. Nanging krana majune jaman unsur agama dadi perangane slametan. Ana kang nganggep yen tradhisi iku mitos ana uga kang mastani musrik. Wis katur yen tradhisi pancen dudu agama, nanging kabudayan lan dudu peranganing agama, senajan ing titi wanci saiki digayutake karo agama. Tradhisi kang gayut karo ma kang sepisanan yaiku mbobot, wiwit eka kamandanu nganti nawa purna jati, kang paling regeng,
sapta kawasa jati, utawa masyarakat
mastani mitoni utawa tingkeban. Mitoni saka tembung pitu sing nduweni teges angka pitu (7). Upacara tingkeban dianakake nalika umur kandhungane wis pitung wulan lan lagi ngandhut sepisanan. Tujuwane tingkeban, yaiku (1) kanggo ngenalake yen pendhidhikan kuwi diwiwit saka jero kandhutan nganti diwasa, (2) tasyakuran, dene anggone mangun bale wisma 20
kaparingan momongan, (3) nyuwun kaslametan lan karaharjan, katujokake marang Gusti Kang Maha Agung, (4) nyuwun supaya anak kang dikandhut ing tembe bisa migunani tumrap kulawarga, masyarakat, lan syukur bisa migunani marang agama, bangsa lan nagara. Ing adicara tingkeban kinandhut nilai-nilai simbolik, kang kawujud ing tata laku lan ubarampene.
d.
Wektu kanggo tingkeban Upacara tingkeban lumrahe dianakake ing dina Selasa utawa Sabtu, tanggal 14
lan 15 miturut tanggalan Jawa. Wong Jawa percaya yen upacara dianakake ana ing tanggal kuwi bayi sing dilairake bakal nduweni cahya saengga bisa dadi bocah sing pinter. Wektu kanggo nganakake upacara tingkeban sing apik yaiku tabuh 09.00 -11.00. Calon ibu kudu adus lan kramas sing resik,
ateges yen calon ibu kuwi mau suci.
Upacara uga bisa diwiwiti tabuh 15.00-16.00, amarga wong Jawa percaya menawa widadari mudhun ana bumi kanggo adus. Ing tlatah Sidoarjo lan saperangan tlatah liyane, tradhisi siraman dianakake ing tengah wengi. “Desa mawa cara negara mawa tata”, kang ateges saben masyarakat ing sadhengah papan nduwe adat kang beda karo masyarakat liyane, kalebu ing bab tradhisi. Ing Jawa Tengah lan DIY, adhedhasar pakem kang isih diugemi, yaiku ing dina Selasa utawa Sabtu, katindakake ing wayah awan (tabuh 11 00-16 00), milih tanggal ganjil sadurunge wulan purnama, yen bisa tanggal 7 (Pringgadigda , 2003:2). Bab iku digayutake karo weton calon ibu lan calon bapak, lan sangat (saat/waktu yang tepat), adhedhasar primbon.
e.
Piranti kanggo Tingkeban Saperangane piranti sing kudu digatekake kanggo upacara tingkeban ing
antarane yaiku meja sing ditutup kain putih. Ing dhuwure ditutup maneh karo bangun tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang sekar utawa lentrek, ron dhadhap serep, ron kluwih, lan ron alang-alang. Sakabehe bahan kuwi kanggo lambaran menawa saweg nyirami. Piranti liyane sing dibutuhake, yaiku : (1)
Bokor utawa pengaron lan siwur banyu suci perwita sari. Ing Jawa timur, kawastanan banyu kembang setaman. Gandaning kembang setaman utawa kembang sri taman, minangka lambang yen calon ibu mau kudu tansah njaga kesehatan ben katon seger lan ngganda wangi. 21
(2) Kembang boreh, gantine sabun ing upacara siraman. (3) Kendhi, dienggo nyiram sing pungkasan. (4) Lap andhuk. (5)
Kain putih lan jarik bathik 7 motif, slendhang / kemben bangun tulak. Klambi sembagi lan jarik lurik.
(6) dhingklik, kanggo lungguh calon ibu nalika siram. Dhingklik kasebut dilemaki klasa bangka, godhong kluwih lan godhong alang-alang. (7) Janur kuning (ing Surabaya), lawe wenang. (8) Keris pusaka Kyai Brojol lan kunir. (9) Klenthing lan pitik dikurungi. (10) Endhog pitik kampung siji dibungkus plastik lan cengkir gadhing.
f. Ngidhentifikasi Makna Bathik Sajrone Tradhisi Mitoni (Tingkeban) Bathik minangka kaskayane wong Jawa kang dening UNESCO diakoni dadi hak paten. Ing sakawit bathik mung awujud jarik utawa nyamping kang fungsine kanggo busana , jangkep karo kebayak, gelung kondhe, lan sandhal njinjit . Temahan kebayak dadi pakaian nasional ing Indonesia. Krana pangaribawaning zaman lan ngrembakane kawruh, bathik ora mung kanggo busana tradhisional nanging wis kalumrah dadi busana padinan kang ora kudu nganggo kain kebayak . Dadi bisa dienggo busana kanthi maneka rupa modhele. Tumrap wong Jawa bathik ora mung minangka busana nanging uga nduweni nilai filosofis. Filsafat iku jumbuh karo motif utawa jinise utawa jenenge. Saben motif nduweni fungsi lan makna. Bathik uga kanggo ing upacara tradhisional. Contone ing adicara tingkeban, butuh 7 motif bathik kanggo salin ing adicara siraman. Motif kang dibutuhake yaiku: sidamukti, truntum, sidaluhur, parangkusuma, semenrama, udan riris, cakar ayam, grompol, lasem, lan dringin. Miturut Pringgadigda (2003:7-8) saben motif bisa diwerdeni lan nduweni nilai filosofis. Nilai lan werdine jarik bathik tumrap wong Jawa ing adicara tingkeban yaiku: (1)
Sidamukti, kanthi pangarep-arep, supaya bayi kang isih ana ing kandhutan ing tembe bisa urip mulya, mukti wibawa.
22
(2)
Trutum, supaya bayi kang kinandhut ing tembe nduweni budi kang luhur. Utawa bebuden kang luhur kang disandhang dening wong tuwane bisa tumurun marang anak kang dikandhut.
(3)
Sidaluhur, motif kasebut minangka pangarep-arep supaya bayi kang dikandhut ing tembe nduweni subasita lan tata krama lan budi pekerti kang luhur.
(4)
Parangkusuma, muga-muga bayi kang dilahirake lantip pikire kaya dene landhepe pangot/parang, trampil trengginas, lan bisa mikul dhuwur mendhem jero kulawargane. Werdine bisa njunjung drajad lan martabate wong tuwane lan kulawargane.
(5)
Semenrama, anak kang dikandhut supaya bisa nduweni rasa tresna marang sapadha-padha, kaya dene Rama lan Sinta marang kawulane ing crita Ramayana.
(6)
Udan Riris, utawa udan grimis. Kang bisa nuwuhake swasana seger lan tetuwuhan katon ijo royo-royo, kang ngresepake. Kang diwerdeni anak kang bakal lair bisa nuwuhake swasana kang ayem tentrem lan bisa srawung karo sapepadhane.
(7)
Cakar ayam. Nyamping cakar ayam bisa diwerdeni, supaya bayi iku ing tembe bisa golek rejeki, kaya dene pitik kang ceceker, krana tanggung jawab marang kulawarga.
(8)
Grompol. Werdine supaya kulawarga kasebut tansah guyup rukun, asihingasihan.
(9)
Lasem , nyamping lasem kang motife garis-garis jejeg, bisa diwerdeni anak iku ing tembe tansah ngabekti marang Gusti Kang Maha Agung ( bertaqwa).
(10) Dringin/ Lurik, motif iki awujud garis-garis horisontal, werdine anak kasebut bisa srawung ing alam bebrayan agung, tulung-tinulung, lan kurmat-kinurmati siji kalawan liyane.
Motif lan werdine bathik ing tradhisi tingkeban kasebut bisa dipilih, sing jumbuh karo kahanan. Jaman saiki wis akeh salon kecantikan kang siyaga bisa disraya, jangkep saubarampe lan tatalakune. Apa maneh saiki wong Jawa akeh sing ora nyampingan. Ora saben wong nduweni jarik bathik. Werna-wernane jarit kanggo tingkeban kaya gambar iki: 23
Bathik Sidomukti
Bathik Semenrama
Bathik Cakar Ayam
Bathik Truntum
Bathik Parangkusuma
Bathik Sidoluhur
Bathik Grompol
Bathik Udan Riris
Bathik Dringin/ Lurik
Bathik Lasem
(https://astumd.wordpress.com/2014/09/22/filosofi-upacara-tingkeban, diakses tgl. 8 Juli 2016)
24
IV.
UPACARA ADAT SIRAMAN PENGANTEN Siraman iku salah siwijine rantaman ing upacara pengantenan. Acara siraman iku
upacara pralambang kanggo ngresikake jiwane calon penganten. Upacara iki dianakake sedina sadurunge ijab kabul ing omahe calon manten. Padatan mapan ing bageyan omah sing rada kabuka kaya ing plataran, mburi omah, utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan biasane wong tuwa calon manten, banjur diterusake dening para sedulur liyane, lan uga pemaes nganti gunggung pitu Uba rampe sing kudu disiyapake kanggo siraman, antara liya: (1)
Wadhah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu.
(2)
Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari)sing kajupuk saka 7 sumber.
(3)
Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang kanthil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga.
(4)
Wedhak teles limang werna kanggo sabunan.
(5)
Shampo tradhisional saka awu merang.
(6)
Duduh klapa.
(7)
Banyu peresan jeruk.
(8)
Klapa loro sing ditaleni dadi siji.
(9)
Kursi cilik sing dibungkus nganggo klasa amoh.
(10)
Kainputih.
(11)
Godhong dlingo-bangle.
(12)
Kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala
(13)
Kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu
(14)
Kain batik motif grompol lan nagasari
(15)
Andhuk
(16)
Kendhi
(17)
Gayung (siwur). Rantaman ing upacara siraman, yaiku:
(1) Masang Bleketepe lan Tuwuhan nduweni ancas minangka kanggo ngeyupi papan kanggo mantu. Sing masang bleketepe yaiku wong tuwa saka penganten putri kanggo pralambang gotong-royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Dene, tetuwuhan sing dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja 25
sauwite, tebu wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan iku kanggo pralambang pengarepan supaya penganten kekalih enggal entuk momongan. (2) Ngirim toya perwitasari menyang calon penganten priyaya iku sawise toya 7 sumber dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang omahe calon penganten priya. Sing ngirimake wakil saka kulawarga sing diarani duta sraya. (3) Sungkeman sadurunge siraman, calon penganten sungkem marang wong tuwa kanggo njaluk pangapura lan pangestu anggone arep mbangun balewisma. (4) Dedonga (5) Siraman sing nyiram sepisanan yaiku bapak calon penganten banjur ibu penganten lan diterusake para pinisepuh uga kalebu juru paes. Sawise iku, banjur calon penganten wudlu nganggo banyu sing dipancurake saka kendhi dening bapake calon penganten. (6) Pagas rikma sawise siraman banjur diterusake upacara pagas rikma utawa potong rambut. Potongan rikma saka penganten kekalih banjur didadekake siji banjur ditanem ing upacara tanem rikma. (7) Dodol dhawet tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawet. Iki nduweni pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupe penganten suwasanane bisa rengeng. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng). (8) Potong tumpeng kamulyan. Bapak saka penganten putri motong tumpeng kamulyan banjur diwenehake ibu banjur didulangake pen ganten putri. (9) Dulangan, penganten putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang. (10) Kembul bujana andrawina, para tamu dhahar sesarengan. (https://kidemangsodron78.wordpress.com/.../adicara-siraman , diakses tgl. 9 Juli 2016)
Sesaji jroning acara siraman arupa tumpeng, panganan-panganan adhem, gedhang lan woh-wohan liyane, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulite, gula klapa, lentera, kembang telon kenanga, mlathi lan kanthil, pitung werna bubur, kuwe-kuwe legi, panganan saka beras ketan, lan ingkung. Upacara adat siraman iki uga bisa ditemokake ing rantaman upacara pengantenan adat suku-suku liya ing Nusantara. 26
Aspek
simbolik
sajrone
upacara
siraman,
tuladhane
kaya
mangkene:
(1) Werdine Dodol Dhawet Ibune penganten putri dodol dhawet, dene bapake mayungi ibune, karo nyeyuwun ing ngarsane Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripe calon penganten bisa sesrawungan karo liyan lan seneng dedana. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwite kanggo tuku nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng). Wardine (tujuane) dodolan dhawet yaiku supaya wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejege bale wisma (bale omah), saengga tundhone padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem, bahagia). (2) Werdine Dhuwit Kreweng Kreweng (pecahan gendheng) iku digawe saka lemah, amarga manungsa iku asale saka lemah lan lantaran bapa biyunge, asale saka Gusti Allah. (3) Werdine Kembang Mayang Dianggo panyuwunan amrih lakuning penghargyan bisa rahayu slamet ora ana alangan apa-apa. Kembar mayang iku ana loro, werdine sing siji kanggo pralambang lanang, lan sijine maneh kanggo pralambang wadon (putri). Ancase supaya panganten loro-lorone bisa kembar tresna, lan kembar cipta, rasa, lan karsane (4) Werdine Janur Kuning Janur saka tembung [jan + nur]. Nur tegese cahaya, dene jan tegese sanyatane utama sabenere. Dadi janur tegese cahaya sejati kang diparingake Gusti Kang Maha Agung. Werdine Janur Kuning, yaiku supaya penganten sarimbit tansah entuk cahaya sejati saka Gusti, kang awujud parentah (wewarah) lan ngedohi larangane agama, supaya dadi keluarga sakinah, mawadah, lan warohmah. (5) Werdine Pisang Raja kang wis Suluh Supaya bisa nduweni wataking raja, yaiku tansah tanggung jawab, berbudi bawa leksana, tresna asih marang kulawargane, lan suka dedana. Ing tembene bisaa dadi tepa-tuladhaning sapadha-padha (6) Cengkir Gadhing Ing sajroning cengkir gadhing iku isi banyu kang wening. Muga tresnane penganten kaloro linambaran weninging cipta, rasa, lan karsa satemah uripe atut27
runtut rerentengan, golonganing budi saeka-praya ing pakaryan, saeka-kapti ing pakarti. (7) Tebu Wulung Yen dijarwakake tebu ‘antebing kalbu’. Kalbu iku ‘ati, galih ’, dadi werdine tebu wulung yaiku manunggaling temanten sarimbit satuhu linambaran antebing ati lan dipangestoni dening para pinisepuh, sesepuh, kadang, lan sanata. Tebu wulung iku tebu sing kuwat (santosa) tegesing kasantosaning brayat (kulawarga) bisa digayuh manawa linambaran tresna kang suci. (8) Pari Sawuli Werdine supaya penganten sakloron bisa tansah kecukupan ing pangan (boga), seneng nandur kabecikan, lan diparingi anak, sarta ngajeni marang liyan. (9) Kembang lan Wohing Kapas Werdine kembang-kembang ngemu werdi “wewangen, kaendahan, kaaruman’ kang dadi gegayuhan lan pepenginane wong akeh. Muga-muga penganten sarimbit dadi pepenginane wong akeh amarga uripe ayem tentrem, bagya mulya. (10) Werdine Kapas Supaya penganten sakloron tansah kecukupan ing sandhang. Godhong apa-apa lan suket alang-alang minangka pralambang manawa tumapaking gawe saka wiwitan tumeka rampunging gawe bisa kaleksanan kanthi lancar, slamet, ora ana alangan apa-apa. (11) Godhong Kluwih lan Godhong Waringin Minangka pralambang supaya uripe penganten sakloron tansah pinaringan kaluwihan sandhang, pangan, lan kawibawan, sarta dadi pangayoman tumpraping liyan, luwih-luwih marang sanak-kadhang lan kanca mitra. (https://kidemangsodron78.wordpress.com/.../adicara-siraman , diakses tgl 9 Juli 2016)
Saperangan gambar rerangkene upacara siraman kaya mangkene:
28
Masang Bleketepe
Siraman
Pagas Rikma
Dodol Dhawet
(https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&..., diakses tgl 12 Juli 2016)
V. PROSESI PANGGIH Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijine upacara sakral adat Jawa sing nduweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pepanggihan antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing khusus kadi dene raja lan ratu. Padatan, rantaman inti upacara ditindakake ing daleme penganten putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtuwa utawa kaluwarga penganten putri, nanging tetep dibantu dening kaluwarga saking penganten kakung. Rantaman adicara pengantenan adat Jawa ing saben laladan beda miturut ekonomi saben kaluwarga. Sadurunge panggih lumrahe kawiwitan kanthi srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon", yaiku calon penganten kakung menehake ubarampe lan ragat sing bakal kanggo nindakake
pahargyan pengantenan. Tuladhane ubarampe, kayata: beras,
sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyane iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing gunane kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahe penganten putri. 29
a.
Makna Simbolik ing Adicara Panggih Temanten Tembung panggih, ing basa Jawa tegese temu utawa ketemu. Kang werdine
sawise
akad nikah utawa ijab kabul, adicara sabanjure yaiku panggih. Adicara
kawiwitan temu pengantin, asrah sanggan kembar mayang, adicara bucalan gantal, wiji dadi utawa ngidak tigan lan wijik sekar setaman, sinduran lan kacar-kucur, bobot timbang lan dhahar walimah, ngunjuk rujak degan lan tilik pitik, lan sungkeman , (Hariwijaya, 2005: 151-171). Panemu saemper diandharake dening Sutrisna(2002:68), adicara panggih, diadani sawise akad nikah. Adicara kasebut kaperang dadi: (1) balang gantal utawa sadak, (2) wiji dadi utawa midak antiga (3) sindur binayang, bobot timbang, (4) tanem jero, (5) kacar-kucur, (6) dulangan, (7) gambuhan, (8) ngunjuk rujak degan, (9) liru kalpika kencana, (10) mertui, (11) sungkeman, lan (12) kirab. Dene Pringgadigda (1998: 72) adicara panggih, kawastanan upacara adat Jawa, (a) timbangan, (b) wisuda penganten, (c) kacar-kucur, (d) dulangan, (e) bubak kawah, (f) tumplak punjen, (g) tilik besan, (h) sungkeman, lan (j) lambang kalpika. Tata laku ing adicara panggih, ngemu werdi kang asipat simbolik. Werdine katur mangkene: (1)
Upacara panggih Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah) ditindakake acara panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didhelehake neng prapatan cedhak omah sing tujuane kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung saprelu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar-kucur, dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
(2)
Upacara balangan suruh/ gantal Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane penganten kakung lan putri.
(3)
Upacara wiji dadi utawa midak antiga Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri mijiki/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang.
30
Upacara iki minangka pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mring kulawargane.
(4)
Pupuk Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa dadi bageyane kulawarga.
(5)
Sinduran Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinanganten sakloron wis tinampa adi kulawarga.
(6)
Timbang Pinanganten sakloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minangka pralambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu lan besan.
(7)
Kacar-kucur Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan ubarampe liyane sing dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang paweh nafkah.
(8)
Dhahar Klimah Penganten sakloron dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinanganten sakloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
(9)
Mertui Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
(10) Sungkeman Pinanganten sakloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
(11) Babak Kawah Upacara iki katindakake mligine tumrap kulawarga kang sepisanan mantu putra putri kang pambarep. Upacara iki ditandhani kanthi mbagi bandha arupa dhuwit receh, umbi-umbian, beras kuning lan sapanunggalane.
(12) Tumplek Punjen Numplak tegese ngutahake utawa ngluwari, dene punjen tegese sesanggan utawa tanggung jawab. Makna saka tumplek punjen yaiku ngluwari darmane
31
utawa tanggungjawabe wong tuwa marang anake. Upacara iki katindakake yen mantu putra ragil tegese ora bakal mantu maneh.
(13) Kenduren / resepsi Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara slametan, slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung katindakake. Ing acara iki, pasangan penganten nrima pambagya slamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing rawuh neng acara iki. (denyhendrawansaputra.blogspot.com/.../tata-upacara-pernikahan-ja..diakses tg. 15 Juli 2016)
Saperangan gambar adicara panggih penganten kaya mangkene:
Ubarampe panggih
Kacar-kucur
Sungkeman
(https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&biw=1366&bih=657&source=... Diakses tgl 14 Juli 2016)
b.
Ngidhentifikasi Basa Rinengga Sajrone Panyandra Panggih Ing andharan bab basa rinengga wis karembug bab panyandra utawa cecandran.
Tembung candra tegese rembulan, mula dicandra tegese dipadhakake karo rembulan. Kang dicandra, yaiku samubarang kang apik lan nengsemake. Upamane sawijine priya kang lagi kasmaran marang sawijine kenya kang ayu. Blegere kenya mau dicandra utawa diemper karo rembulan (Hadiwidjana, RDS. 1967). Panyandra iku uga tinemu ing
adicara mantu, mligine ing adicara panggih.
Adicara panggih kalebu adicara kang sakral. Ing tahapan kasebut minangka adicara pepanggihan seremonial ing antarane penganten kakung lan putri, kang ditindakake sawise akad nikah. Ing adicara kasebut kekarone katemu kanthi resmi, kanthi ngagem busana pengantin kanthi jangkep, lan nengsemake. Adicara kasebut minangka puncak 32
acara
ing adicara pawiwahan ing upacara adat penganten tradhisional. Adicara
kasebut ancas lan tujuane kanggo nemokake manten ing ngarsane para tamu (Hariwijaya, 2005: 152). Panyandra panganten ing adicara panggih tegese mawas bab basa kang kanggo ing adicara kasebut. Panyandra tegese pangalembana. Kabeh sarwa apik lan nengsemake. Kang asring antuk panyandra ing adicara panggih, yaiku: (1) sasana pawiwahan, (2) para tamu, (3) pinanganten, (4) jumenengan, (5) adat Jawi, ing adicara timbang, kacar-kucur, dhahar kembul, sungkeman,lambang kalpika, (6) bubak kawah, (7) tumplak punjen, lan (8) kirap 1 lan kirab 2, (Pringgadigda: 1998: 144). Ing kalodhangan iki mung katur tuladha sawetara.
1) Panyandra Sasana Pawiwahan “.... Rep sidhem premanem tan ana sabawaning walang salisik, lah punika
pratandha bebukaning panyandra, satuhu kathah papan ingkang edi, papan ingkang endah lan nengsemaken, ananging mboten kados edi lan endahing sasana pawiwahan. Gapuraning pawiwahan rinengga edining rerenggan janur kuning, sinangga ing pisang raja, cengkir gadhing, tebu wulung, pari sawuli, sekar sarta wohing kapas, ron apa-apa, suket alang alang, miwah roning kaluwih, ron waringin sarencekipun, pengaron ingkang isi sekar setaman ingkang wasita sinandhi.Wimbuh amilangoni sarana pawiwahan kang pinajang dlancang rinonce, wilis, seta, rekta miwah kresna. Rerengganing pahargyan saweneh, wonten ingkang awujud dlancang rinonce, pinatut ingkang maneka warni ingkang pita jenar kacandra kadya podhang binorehan, ingkang warni rekta yayah wukir kawelagar, ingkang biru mayamaya pindha situbandalayu, dene wilis kawistara ijo royo-royo kadya pantun ingkang nembe gumendhung, ingkang seta sumorot suci wening pindha sunaring mutyara, lembak – lembak katiyup maruta, ebah – ebah kadya tirtaning talaga adi. Satuhu lambanging kaweningan, mugi nyawabana dhateng sri temanten ingkang arsa ngambah alam bebrayan, mugi kagungana raos sumeleh, miwah nengenaken kasabaran, pindhane gulu bengawan weteng segara, kang sarwa sarwi amomot sakaliring reh....” 2) Panyandra Penganten Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga “....(sinubagya ungeling Gendhing Ketawang Puspawarna Slendro Manyura)
Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar ngebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane penganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas 33
wangi, kinanthi manjing sasana rinengga. Simpating busana ingkang angemba busananing prameswari nata, tinon saking madrawa ambyor mopyor pating galebyar pating clorot, katempuk ing pandam kurung ingkang anggregani, lamun cinandra kadya kilat asesiring. Amucang kangingan denira lumaksana penganten putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana samunu agilargilar kadya kencana binabar, sunaring netra adamar kanginan. Wewening pranaja singget kapathet ing ageman, pindha cengkir gading dipingit, yayah anjebol jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Kicating pada katon pating galebyar dening rerengganing ingkang tinaretes ing sesotya nawaretna, ginantha ing wardaya candrane kaya wredhu angga sasra lumaku ing wanci dalu...”
3) Penganten Kakung Mlebet ing Sasana Pawiwahan “..... (Kabarung ungeling Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang)
Kumenyar mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Pranyata punika tejaning penganten kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman. Kinanthi manjing sasna pawiwahan. Mubyar-mubyar busananing penganten kakung inkang angemba busananing narapati, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaindahan kang sanyata adi luhung; dene mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur; mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni. Dhamyak-dhamyak ingkang samya lumaksana angayap sang pinanganten kakung, pinarangan dening para kadang santana miwah warga wandawa. Dhasar penganten kakung anyardula lapa tindake, riyak anggajang ngoling, lembehan merak kasimpir. Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh; yen ta tamtama sumbaga wirotama prawirya jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon. Mila kalamun pinentha ing wardaya candrane kadi narendra ingkang arsa tendhak siniwaka, lenggah ing dhampar de nta... ”
4)
Penganten Dhaup (Panggih) “....(Binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang
Larasmaya Pelog Barang) Wus dumugi wahyaning mangsa kala dumawahing kodrat saking kamuwaosing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, amestuti ila-ila ajuring para kina ingkang dhahat pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti tis-tising tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges budi daya ingkang tuwuh 34
saking osiking panggalih, wondene tulus saliring pangesthi ingkang tumuju marang kautamen pinarengake. Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang pinanci. Dene ingkang munggwing wuri ana jejaka/kenya kalih umiring tindake penganten putri, punika ingkang sinaraya angemban puspita adi ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhaup ing penganten sarimbit. Saksana kumlawe astane penganten putri sarwi ambalang gantal mring penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Datan saranta penganten kakung gya gumatya ambalang gatal ingkang winastan gondhang tutur.... ” Punapa ta wujud wredining gantal ingkang kinarya bebalanganing penganten sarimbit?. Pranyata wujuding gantal dumadi saking sedhah lininting tinangsulan lawe wenang, sarta pinilih suruh ingkang temu rose. Ingkang amengku werdi sinandi. Suruh yen dinulu beda lumah lan kurepe. Nanging lamun ginigit padha rasane. Punika amengku sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri . nanging lamun wus manunggal cipta rasa miwah karsane, pinasthi jatukramane (Hariwijaya, 2005:162).
5)
Wiji Dadi (Midak Antiga) lan Sinduran “.... Sedhah kaya lumah lawan kurep e, dinulu beda rupane, gineget tunggal rasane.
Sanadyan sajuga mijil priya, sajuga mijil wanita, kalamun sampun tinangsulan tresna suci, pinesthi dadi jatukramane. Laju hanjengku risang penganten kakung midak antiga kalajeng risang penganten putri mijiki samparaning ingkang garwa kanthi toya perwitasari kang sinebat ranupada. Ranu nun inggih warih, her, utawi toya. Pada nun inggih ampeyan utawi samparan. Karekating manah amrih ilang salwiring sukreta, kalis saking sambekala. Paripurna anggenira mijiki samparaning kang raka, jinunjung lenggah risang ahayu dening risang abagus....”
Singep sinduran: “.... Paripurnaning gati kang titi laksana adicara panggih, lajeng jumeneng jajar
putra temanten kekalih sandhing kekanten asta, satuhu sajajar drajating priya lan wanita, sanadyan wanodya datan nyingkur kodrating wanita minangka garwa, risang pinanganten nulya lumampah tumuju ing sasana rinengga, aloke kang samya humyat….
Gandheng renteng – renteng kekanthen asta risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut pinara sasra, sarwi singep sindur ingkang awarni rekta miwah seta dening rama ibu, kanthi pangajab bebrayaning putra sarimbit tinuntun ing
35
rehing kautamen, pinanggiya ing budi rahayu linambar raos tresna, rasa, tepa, sembada lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kadurakan lan kanistan,... ”
6)
Ngunjuk Degan & Bobot Timbang Tuladha pranatacara mlebet adicara ngunjuk degan : “.... Ngunjuk degan, mengku suraos kekudangane para winasis, lan para sepuh,
mugi-mugi temanten enggal kaparingan pracima ingkang bangkit saged tata jalmi, utawi momongan awohing apalakrami, sinartan ginadhang mugi sri temanten saged nuwuhaken kautamen ingkang suci pantes tinulad dening bebrayaning sesami. Kalamun risang temanten badhe necep maduning asmara janma, manunggalaken ing rasa, rasa sejati sejatining rasa, satemah mijilaken kama warni seta saking pokaling bapa, miwah kama warni rekta saking pokaling rena, ing tembe saged mbabar putra kang minangka rerengganing balewisma, Ugi dados pratandha, kalamun sedaya tumindak miwah muna muni badhe kapenggalih kanthi weningin nala, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen unen : “ Ajining dhiri gumantung lathi, Ajining raga gumantung
busana, Ajining awak gumantung tumindak .... ” Tuladha atur pranatacara mlebet adicara Bobot Timbang : “.... Jangkeping adicara panggihing risang putra tinemanten sarimbit kalajengaken
adicara bobot timbang. Penganten kekalih kapangku dening kang rama kanthi asta kekalih, karangkulaken ing pamidhanganipun temanten sekaliyan. Sineksenan dening ingkang ibu miwah para-para ingkang humiyat, punapa malih para sepuh ingkang mahambeg dharma, prasemonipun bilih rama ibu kekalih sampun satraju mengestoni, lan jumurung puji hastawanipun dhateng dhaupipun temanten sekaliyan, kanthi sampun mboten badhe emban cindhe emban siladan, anggenipun angrengkuh dhumateng putra temanten sekaliyan, putra kekalih karengkuh kados yugo piyambak, mboten wonten pundi ingkang sinebat putra mantu sadaya kaanggep sami. ...”
7)
Kacar Kucur, Dhahar Kembul, Ngunjuk Toya Wening Kacar kucur : “.... Panjenenganipun papa tamu kang mahambeg luhuring dharma kakung
sumawana putri, pinaringan sih wilasitaning Gusti kang Maha Agung. Temanten sekaliyan sampun kalampahan panggih, kaparenga gya ngadani adicara tampa kaya kacar kucur. Kacaryos dupi wus ngancik ing titi laksana, penganten kakung gya jumeneng ngasta tilam lampus, isi wus kapurara Jawa ketos palawija sekar panca warna 36
miwah arta receh, kasuntak ing pangkoning kang garwa, katadhahan katampi mawi sindur ingkang awarni rekta Guna tampa kaya kyai ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring tampakaya mring nyai ambarsejati nenggih risang pinanganten putri, guna tampa kaya pralambang tanggel jawabing priya. Minangka tetunggaling kulawarga darbe tanggel jawab nyekapi sandhang boga ing kulawarga, tanpa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, won jenar, arta pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, mugi risang panganten ing tembe kacekapan sandhang boga. Syukur bage pinaringan kesugihan, lamun pinaringan kesugihan sageda lumeber mring para kadang sentana tangga tepalih. Kawuryan risang pinanganten putri nampi tampa kaya datan wonten ingkang marebel sanajan kang sajugo, mratandhani dados wanodya ingkang gemi nastiti, surti tur ngati-ati. Asiling tampa kaya laju katitipaken mring wanodya kang pinitados rumeksa kawidagdaning tampa kaya nun inggih ingkang ibu…………paripurna nitipaken
tampa kaya, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasana rinengga....”
Dhahar Kembul : “.... Tumuli risang pinanganten nindakaken dhahar kembul, dhahar nedha kembul
ya wus ngarani sesarengan, pralambang sageta tumangkep manggih sing katresnanipun temanten kakung putri, jumbuh ingkang ginayuh, saiyek saeka kapti sembada ingkang sinedya, rengganeng basa ngaten sinebat manunggaling karsa marganing mulya....”
Ngunjuk toya wening : “.... Paripurna dhahar kembul, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toya wening, dadi
pratandha, kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmara janma, manunggalaken ing rasa saking pokaling rena, ing tembe saged mbabar putra kang minangka rerengganing balewisma, Ngunjuk toya wening ugi dados pratandha, kalamun sedaya tumindak miwah muna muni, badhe kapenggalih kanthi weninging nala, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen-unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana, lan ajining awak gumantung saka tumindak. ...”
8) Tamu Lenggah ing Sasana Pawiwahan “ .... Kacanarying penggalih, dupi anuningani yen ta jroning sasana wiwaha
kawuryan bak ber ambalabar sanggyaning para tamu kakung putri, sampun kapareng lenggah satata, pepak sinaroja. Kapanduking raos ingkang dahat tumanen ing kalbu, saksana ambuka osiking driya denira sumengka pangawak braja, lir 37
keplasing warastra lungit. Prentuling parasdya miwah esthining prayojana, tanna lyan among daya-daya denirarsa among swagata, manembrama atur pambagyarja konjuk sagunging para tamu minulya. ...”
Panyandra Tamu: “.... Sinigeg ingkang cinandra gantya kang cinarita..
Sinatriya pundi to ingkang ka eka adi dasa purwa eka marang sawiji, dasa sapuluh, purwa kawiwitan, satuhu katah titahing sukma, nanging satus tan jangkep sedasa yen sedasa amung sawiji, kang kasinungan budi utama, budi utamaning kang sinatriya mboten kadi luhuring budi pamengku gati. Satuhu priyagung ingkang luhur kawibawane, jembar pocapane, bebasan suket godhong dadi kadang, kalawan wreksa adoh dadi samya mentelung, dadya cerak samya hamentiung. Ingkang adoh dadi sanak, kang cerak tansaya sumanak, mila datan nggumunaken bilih ing wanci menika para tamu sampun bek amblabar hangebeki pahargayan. Prasasat linobong ing penggalih ingkang dahat suka amarwata suta tumanduk ingkang saweg mangun boja, kadi kelem karoban ing memanis sinandhing kastuba manik. Kapanduking raos ingkang dahat tumenem ing kalbu, saksana ambuka osiking penggalih/driya, denira sumengko pangawak braja, lir keplasing warasta lungit, prentuling parasdya miwah esthining prayojana, tan ana liyan amung doyo-doyo denirarsa asung swagata, manembrama atur pambagyaharjo, kunjuk sagunging para tamu minulya....”
9) Beksan Gambir Anom Gandrung (kacandra nalika gangsa sirep) “.... Gandrung-gandrung kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman larasmara
kayungyun marang kasulitane Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata Dwarawati. Siyang pantaraning ratri ingkang ginalih among sang ayu, ingkang kumanthilkanthil aneng pandhoning netra, tumus ring tung-tunggging nala. Linali-nali saya ngalela, ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning nata, lamun siyang tan arsa dhahar lamun dalu tan arsa nendra.... ”
(10) Kirab Kanarendran “ .... ( Binarung ungeling Gendhing Ketawang Langen Gita Sri Narendra Pelog
Barang) Rampak runtut swaranya anganyut-anyut, lah punika ta wau swaraning pradangga, ambabar Ketawang Langggeng Gita Sri Narendra, umiring tindakira 38
sekaring pawiwahan, anenggih sang pinangantyan kekalih, ingkang arsa kirab, nulad adi endahing budaya. Penganten kakung angagem ma kutha awarna kresna pinalipit ing rukmi, asesumping sekar kanthil. Dhasi munggwing jangga lir ginupit, amimbuhi pekiking penganten kakung, dahat adi dahat luhung. Atela awarni langking sinulam benang kencana pinentha roning gadhung amalengkung, prabane ngenguwung. Sangsangan rukmi carup wor kalawan sangsangan sekar mlathi rinonce munggwing pamindhangan kanan miwah kering, angalewer tumibeng jaja cinandra kadya taksaka ngulet rumambat. Sinigeg gatnya kang winursita, kuwung-kuwung akekuwung ambar teja manda maya, tejaning rising suryeng ratri, pranyata lamun tan kucuwa memanise. Meloking wadana sumunar agilar-gilar angelam-lami pindha kencana binabar.... ” (11) Kirab Kasatriyan (binarung ungeling Gendhing Ketawang Subakastawa Slendro 9) “ .... Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa,
kentar-kentar angambar kongas gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat teja maya-maya. Saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata tejane sang pinangantyan, mijil saking wisma wiwaha.Wus lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sang saya mencorong guwayane, sangsaya manteb panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin Atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari puspita, ingkang nendheng mangudhar wewangi. Sang senopati kembar kadi Sang Suwandageni atmajane Ki Demang Sangkalputung kalawan Sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa, kekalihipun tus wijil saking tlatah jatinom. Kang apindha putri astha sata anglur selur dalidir kadya putri boyongan saking wewengkon predikan ing Toyabiru. Sadaya berawa sarta mempen ing puja puji santi astute santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi. ..” (dinnushobirin.blogspot.com/.../pengertiandan-macam-macam- pa diakses tanggal 8 Juli 2015)
VI. UPACARA NGUNDHUH MANTU 1. Ngundhuh Mantu utawa Sepasaran Ing masyarakat Jawa, lumrahe sing nduwe gawe mantu pihak penganten putri. Mula sawise sepasar (5 dina), penganten sakloron, diterke nang omahe penganten kakung. Istilahe sepasaran utawa tilik besan. Ing Jawa Timur kawastanan walik ajang, walik klasa utawa tilik pitik. Krana penganten kasebut ora mung sarimbit, nanging ana pengombyong, pihak keluarga penganten kakung mahargya kanthi suka rena lan 39
ngaturi tangga teparo, kulawarga lan mitra karuh, adicara mau kawastanan ngundhuh mantu, ( Sutrisno, 2002:82, Hariwijaya, 2005:192). Adicara ngundhuh mantu asipat seremonial panutuping adicara mantu. Tegese kanthi resmi pihak penganten putri masrahake marang pihak penganten kakung. Sebab wiwit akad nikah, resmi dadi tanggung jawabe penganten kakung. Ancas lan tujuan upacara ngundhuh mantu kanggo pengalaman urip ing alam bebrayan, utamane ing lingkungan keluarga penganten kakung. Kanthi resmi penganten putri dadi kulawarga penganten kakung. Mula adicara ngundhuh mantu mesisan karo boyongan. Ubarampe kang dibutuhke awujud tebusan lan sanggan, pisang ayu, suruh ayu, ditata ing lengser, kembar mayang sepasang, banyu kembang setaman, kembang telon, lan sindur.
2. Tata laku Ngundhuh Mantu Sadurunge, pihak penganten kakung utusan menyang pihak penganten putri, nggawa tebusan kasebut. Werdine, pihak penganten kakung duwe pangarep-arep sedya rahayu supaya penganten sakloron lan kulawarga bisa urip tentrem, bagya mulya sakinah, mawaddah, lan warahmah. Utusan kang disraya kasebut njaluk supaya diparengake mboyong penganten sakloron menyang keluarga penganten kakung. Sadurunge budhal, pihak penganten putri nganakake slametan sepasaran. Kanthi pangarep-arep supaya tansah kalis ing sambekala, tekan papan kang dituju, yaiku omahe mara tuwa. Kejaba iku ing adicara sepasaran iku nggawe jenang sungsum utawa jenang baning, dicaosake marang tangga lan kadang sing padha rewang. Ing pangangkah ben seger atot bebayu kang loyo krana kesel bisa ilang, lan pikiran dadi wening. Pihak penganten putri tekan ing panggonan pihak besan, penganten sakloron lan pangombyong dipapag dening keluarga besan. Ibu penganten kakung, mapak anak lan mantune. Kanthi nggawa roncen kembang, dikalungake marang penganten sakloron lan urip bebarengan sadurunge manggon lan mangun balewisma dhewe.
3. Nilai Simbolik Sajrone Adicara Ngundhuh Mantu
40
Saben tradisi ngandhut pasemon lan nilai-nilai kang asipat simbolis. Sanadyan adicara mau mung asipat seremonial, nanging tetep diugemi lan ditindakake dening masyarakat. Nilai-nilai kang awujud pasemon bakal katur. Nilai-nilai kang kinandhut ing adicara kasebut awujud ubarampe. Bubur sungsum, tebusan, kembang setaman, lan toya wening. Andharan, nilai simbolis ing ubarampe ngundhuh mantu, ing antarane: 1) Bubur sungsum Bubur sungsum, digawe saka glepung beras Jawa, santen, lan gula Jawa. Bubur sungsum, minangka sawijine ubarampe ing upacara tradhisional masyarakat Jawa. Saben bubar nduwe gawe ing adicara sepasaran (mantu, sunatan) pamangku karsa gawe jenang sungsum. Werdine bubur sungsum, minangka pralambang supaya sungsum lan syaraf bisa kendho, kesele ilang, seger sumringah, lan atur panuwun marang panitia kang wis nindakake tugas kanthi rancak. Acara kasebut minangka pamungkase adicara mantu, utawa pembubaran panitia. Kejaba iku uga minangka syukuran marang Gusti Kang Maha Agung, dene anggone kagungan kersa mantu lancar, nir ing sambekala. Kejaba iku, jenang sungsuman uga minangka atur panuwun marang panitia lan kabeh kang mbiyantu adicara kasebut kang wus tandang gawe wiwit lekas nganti pungkas. 2) Tebusan Tebusan kang awujud sanggan, gedhang ayu lan suruh ayu, ing sajrone lengser, minangka pralambang, yen penganten sakloron bakal ngadhepi maneka warna masalah ing bale wisma lan ing alam bebrayan. Gedhang ayu minangka lambang, yen temanten anyar kaya dene raja, urip kebak kamulyan lan kabagyan. Suruh ayu, minangka lambang yen suruh iku beda lumah lan kurepe nanging yen digigit padha rasane. Rasane pait lan getir kang kudu disandhang bebarengan ing sajrone bale wisma. Dene, lengser utawa bokor kang kanggo wadhah, minangka lambang bale wisma kang bakal dadi papan dununge urip bebrayan sabrayat. 3) Sekar Rinonce Sekar rinonce (roncen kembang) kanggo mapag penganten sakloron kang dikalungake minangka lambang, yen wong tuwane penganten kakung duwe pangajab kulawarga anyar iku manggih katentreman lann kamulyan, kaya dene endah lan ngganda wangi kaya dene sekar rinonce kasebut. Tekane anak mantu 41
ing kulawarga kasebut katampi kanthi suka renaning panggalih, kanthi maringi kalung awujud sekar rinonce. 4) Toya Wening Ing adicara ngundhuh mantu, ibune penganten kakung maringi unjukan awujud toya wening marang anak lan mantune. Werdine supaya penganten sakloron anggone mangun bale wisma tansah pinaringan kesabaran lan pikiran kang wening (Sutrisno, 2002:83). Penganten sakarone wiwit lelumban ing jagating alam bebrayan, kudu bisa ajur-ajer ing masyarakat. Saru-sikune bale wisma dilakoni bebarengan.
VII. NGIDHENTIFIKASI BUSANA PENGANTEN JAWA Nenikahan utawa dadi temanten mujudake saperangan saka siklus panguripane manungsa. Nenikahan katindakake kanggo nglestarekake katurunan. Saben dhaerah iku nduweni busana penganten kang maneka warna kang nuduhake idhentitas dhaerahe utawa suku bangsane. Kaya ta busana adat Jawa Tengah utawa Yogyakarta asring dienggo dening wong Jawa Timur, senadyan ta Jawa Timur uga nduweni busana temanten dhewe kang khas. Ing kena bakal diandharake busana penganten Jawa, mligine busana gaya Solo (Jawa Tengah) dan busana gaya Yogyakarta.
A. Busana Penganten Gaya Surakarta (Solo) Tata rias busana adat pengantin Jawa gaya Solo / Surakarta kebak nilai filosofi kang luhur. Tradhisi tata rias busana iki nuladha saka busanane bangsawan lan raja kraton Kasunanan Surakarta sarta Istana Mangkunegaran, Jawa Tengah. 1)
Busana Penganten Solo Putri
42
Wujud tata rias busana temanten Solo, temanten kakung nggunakake beskap langenharjan kanthi blangkon lan bathik wiron kang motife Sidoasih prada. Temanten putri nggunakake kebaya klasik kang bahane saka bludru werna ireng. Kebaya mau diwenehi paesan benang emas kang disulam. Motif sulamane wujud kembang manggar. Kanggo ngisorane nganggo sewek kain motif bathik Sidoasih prada. Tata rias temanten Solo Putri kaya putri raja kanthi paes ireng njanges ing perangan bathuke minangka wujud sinom. Paes rias rambut kanthi ukel gedhe kaya bokor mengkureb apaes melati rinonce tiba dhadha. Ora mung kuwi, perangan rambut dipaesnganggo cundhuk sisir lan cundhuk mentul. Wiwitane
modhifikasi tumrap
tata rias busana penganten Solo Putri
dumunung ana pangganggone kebaya dawa warna putih, ananging kairing owahing wektu bab werna bisa kasalarasake karo apa temane pawiwahan penganten kasebut. Wernane kebaya bisa abang, jambon, ungu, biru lan werna-werna liyane. Kanggo busana saiki tansaya akeh variasine lan nggunakake modhifikasi modhel busana kang modern, nanging ora ngilangi
kaendahaning busana lan nilai-nilai budaya
kang
kinandhut .
43
2)
Busana Penganten Solo Basahan Saliyane Solo Putri, gaya paes temanten Solo kang kondhang yaiku Solo
Basahan. Busana Solo Basahan arupa dodot utawa kampuh kanthi corak bathik werna peteng kang motife alas-alasan (kewan) lan tetuwuhan ing alas. Kairing majuning jaman, pilihan motif lan corak werna dodot luwih maneka warna nanging filosofine tetep yaiku drajat mulya kang pantes dianggo temanten sakloron. Makna saka busana basahan yaiku simbolisasi pasrah marang kersane Gusti ing babagan lumakune ngaurip ing tembe. Busana basahan temanten putri arupa kemben minangka tutupe dhadha, kain dodot utawa kampuh, sampur utawa slendhang cindhe, sekar abang lan kain jarik werna kang memper, sarta buntal arupa rerangkene gegodhongan pandhan saka kembang-kembang. Maknane gegodhongan pandhan saka kembang-kembang yaiku minangka tolak balak.
(http://salonbiela.blogspot.co.id/2015/02/5-aneka-corak-gaya-model-rias-pengantin.html, diakses tanggal 18 Juli 2016)
Busana basahan temanten kakung arupa kampuh utawa dodot kang motife padha karo temanten putri, kuluk (pilihan wernane saiki maneka warna, o ra mung biru kaya tradhisi kraton)minangka tutuping sirah, stagen, sabuk timang, epek, clana cindhe sekar abang, keris warangka ladrang, buntal, kolong keris, selop, lan paesan kalung ulur. Busana Sikepan Ageng/ Busana Solo Basahan Keprabon yaiku salah sijine gaya abusana kang niru tradhisi para bangsawan lan raja Jawa kang nganti seprene isih digandrungi. Temanten kakung nganggo kain dodotan lan klambi takwa yaiku memper beskap kang biyen mung oleh dianggo dening Ingkang Sinuhun wae. Temanten putri 44
nganggo kain kampuh utawa dodot kanthi dijangkepi potongan cendhak, lengene dawa saka bahan bludru kanggo tutup pundhak lan dhadha.
B. Busana Penganten Gaya Yogyakarta Tata rias lan busana penganten khas Jogjakarta iku lumrahe niru corak busana penganten tradhisi Keraton Jogjakarta. Saperangan modhel busana penganten gaya Yogjakarta, yaiku Paes Ageng utawa Kebesaran, Paes Ageng Kanigaran, Jogja Putri lan Kesatrian.
1)
Busana Penganten Kebesaran utawa Paes Ageng Sing paling kaloka gaya Jogja Paes Ageng utawa Kebesaran. Penganten Jogja
Paes Ageng nggunakake dodot utawa kampuh jangkep karo hiasane. Paes ireng kanthi pinggiran warna emas ing bathuk, rambut sanggul bokor kanthi gajah ngoling kang nglawer endah, sarta sumping lan aksesoris unik wanita liyane, kaya ta ukel ngore (buntut rambut nglawer) dilengkapi sisir lan cundhuk mentul kecil. Tumrap penganten kakung, ngagem kuluk kang ngrias sirah. (See more at: http://sorayawedding.net/ragam-corak-busana-pengantin-jogja-detail-2970#sthash. QkztDeFQ.dpuf diakses tanggal 19 Juli 016)
Tuladhane gambar busana Paes Ageng kaya mangkene:
45
(https://fatmasari.wordpress.com/category/jawa/, diakses tanggal 22 Juli 2016)
Busana penganten Yogya nduweni kekhasan ing lembaran dodot kampuh, cindhe, lan bathik kang tansaya muwuhi
keagungane gaya bangsawan. Ragam corak busana
penganten tradhisi Kraton Yogyakarta:
2) Busana Penganten Yogya Putri Busana penganten Yogya Putri diagem ing adicara ngundhuh mantu. Penganten putri ngagem kebaya beludru dawa kanthi bordiran warna keemasan, kain bathik prada, sanggul tekuk kang rinias mentul gedhe, dene penganten pria ngagemageman sikepan, kain prada, lan kuluk kanigaran.
(maudyweddingorganizer.com/... pengantin /rias- pengantin- jogja diakses tgl 21 Juli 2016)
3) Paes Ageng Jangan Menir Paes Ageng Jangan Menir digunakake ing upacara adat boyongan penganten putri. Pengantin putri ngagem kebaya blenggen bahan bludru, bangkekan (pinggang) dililit selendang rinias pendhing, lan kuluk kanigara. Paes Ageng Jangan Menir ora ngagem kain kampuh utawa dodot. Babagan iki digunakake kanggo mbedakake karo corak Paes Ageng Kanigaran.
46
(https://www.google.com/search?q=gambar+busana+pengantin+gaya+yogyakarta&tbddiakses tanggal 23 Juli 2016)
4)
Busana Penganten Corak Kanigaran Tata Rias sarta busana pengantin kanigaran meh padha karo Paes Ageng, yaiku ngagem kain dodot, mung wae busana dodot Paes Ageng penganten ora ngagem klambi. Busana penganten kanigaran ngagem beskap lan kebaya beludru. Kanggo penganten putri ngagem kebaya beludru warna ireng, ijo, abang, biru, wungu, lan coklat. Bahan beludru muwuhi kesanglamor lan elegan tumrap sang pengantin. Kebaya kang diagem dawa nganti wates dhengkul lan bagian ngarepnganggo bef utawakutu baru. Kutu barune dipasang bros renteng utawa susun telu saengga endah sinawang.
(https://www.google.com/search?q=gambar+busana+pengantin+kanigaran&biw=1366&bih=657&tbm, diakses 22 Juli 2016)
5)
Busana Kesatrian Modhifikasi Busana iki kombinasi karo busana modern kang tetep ngugemi tradhisi budaya.
Penganten putri ngagem Paes Yogya Putri, kebaya dawa bahan lace lan kain bathik prada, sanggulan gelung tekuk. Penganten kakung ngagem beskap kanthi kain bathik prada lan blangkon.
47
(http://maudyweddingorganizer.com/produk-layanan/rias-pengantin/rias-pengantin-jogja, diakses tgl. 22 Juli 2016)
6)
Penganten Yogya Kontemporer Tata rias Paes Ageng dipadhokake karo busana modhifikasi kebaya dawa lace, lan
dijangkepi kain prada Yogya. Semono uga ing tata rias Paes Ageng direnggani kanthi asesoris modern.
(http://maudyweddingorganizer.com/produk-layanan/rias-pengantin/rias-pengantin-jogja, diakses tgl. 23 Juli 2016)
DAFTAR PUSTAKA Bhratawijaya, Thomas Wiyasa, Upacara Tradisional Masyarakat Jawa, Jakarta, Pustaka Sinar Harapan. Darusuprapta. 1992. Serat Wulang Reh.Anggitan Dalem Sri Pakubuwana IV. Surabaya. CV Citra Jaya Murti. Hariwijaya, 2005. Perkawinan Adat Jawa. Jokjakarta. Penerbit Hanggar Kreator. Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus. Pringgadigda, Suwarna.2003. Upacara Tingkeban. Yogyakarta. Adicita Karya Nusa. Sastro Utomo, Sutrisno. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang. Effhar & dahara Prize. Soemodidjojo,R. 1993 Kitab Primbon Betaljemur Adammakna, Penerbit, Soemodidjojo Mahadewa.
Yogyakarta,
Suryadi, Respationo, tt. Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta. Effna Dahara Prize. Suwarni, 2003. “Sistem Penanggalan Jawa”. Padma. Jurnal Seni dan Budaya. No. 2. Tahun 1. Surabaya. FBS Unesa.
48