Klepu, Sendangmulya, Minggir, Sléman Setu-Minggu, 20-21 Juni 2015 NGAHAD XII – B B
Sapa ta iki, déné prahara lan sagara padha nurut?
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
2 RITUS PAMBUKA
Kidung Pambuka esuk: KA. 161 Tandha Salib lan Salam Pambagya Pamartobat Gusti Nyuwun Kawelasan esuk: KA. 177 Minulya esuk: KA. 187 (umat jumeneng) Sembahyang Pambuka I : Ayo padha munjuk: Gusti Allah, Rama langgeng mahakuwasa, keparenga sabda Dalem nggigah kapitadosan kawula dhateng caranipun Gusti srawung kaliyan manungsa. Mugi Putra Dalem karsaa mulang kawula nanggapi dhawuh timbalan Dalem napak tilas pada Dalem ing lampahing gesang kawula. Jer Panjenenganipun punika Sabda Dalem dhateng kawula, ingkang sareng kaliyan Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, sugeng, mengku keprabon, jumeneng Allah, ing salamilaminipun. U: Amin.
LITURGI SABDA Waosan kapethik saking Kitab Ayub. “ Ana
éné ombak alunmu sing angkuh bakal kandheg.” ing k éné
Saka ing telenging prahara Pang éran paring wangsulan marang Ayub, “Sapa sing mbendung sagara mawa gejlig lawang, nalika mulak-mulak nggegirisi lair saka biyungé? Nalika Dakkemuli mega minangka pangganggoné lan kaya
bayi Dakgéndhong mawa mendhung, nalika Daktetepaké wates-watesé, lan Dakpasangi kunci palang gejlig lawang? Aku sing ngandika, ‘Tekan kéné baé, aja koterusaké; ana ing kéné ombak alunmu sing angkuh bakal kandheg.’” L: Makaten L: Makaten sabda Dalem Gusti. U: Sembah Nuwun Konjuk ing Gusti Kidung Panglimbang Padha memujia mring Pangeran awit sih kawelasan Dalem langgeng salawase. Ayat 1. Kang padha lelayaran lelaya ran numpak prau ing segara, dedagangan nrabas samodra warna-warna, padha nyipati sapira panguwasaning Pangeran, kaelokan apa kang tinemu ing segara.
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
3
2. Karana sabda sabda Dalem angin prahara prahara timbul, alun mulak-mulak mulak-mulak mumbul, ndedel ndedel sundhul sundhul langit, anjlok tekan ing dhasar, gawe ati bingung was sumelang. Waosan kapetik saking Seratipun Kapindho Rasul Paulus dhateng umat ing Korintus “ Delengen Delengen kabèh wis dianyarak d ianyarak é.”
Para sadulur, katresnan Dalem Sang Kristus nguwasani aku. Awit Manawa digagas: Yèn ana wong siji sing mati kanggo nglabuhi wong kabèh, iku ateges pancèna kabèh kudu mati. Déné sebabé, Gusti séda dadi wadalé umat manungsa, yaiku sing padha urip aja nganti mung kanggo angga pribadi, nanging konjoka ing Gusti, sing wis séda lan wungu saka séda minangka ijolé wong-wong mau. Mula wiwit saiki aku ora arep mawas sapa baé manut ukuraning daging. Iku ora manut pangerti sing saiki. Kang iku wong sing nunggal ing Sang Kristus, iku wis dadi titah anyar. Sing lawas wis sirna. Delengen, kabèh wis dianyaraké. L: Makaten Sabda Delem Gusti U: Sembah nuwun konjuk Ing Gusti
Cecala Alleluya, alleluya, alleluya Ayat: “Nabi agung wus rawuh ing tengah-tengah kita, lan Pangeran karsa nuweni umat Dalem.”
Waosan Injil
Markus 4:35-40
Pethikan Injil Suci anggitané Santo Markus. “ Sapa ” Sapa ta iki, déné d éné prahara lan sagara padha nurut? ” Nalika samana wayah soré Gusti Yésus ngandika marang para murid, murid , “Ayo padha nyabrang menyang gisik kan!” Para murid nuli ninggal wong-wong wong -wong an ngaturi Gusti nitih prau mangkono baé; déné prau liyané ana sing mbarengi. Nanging banjur ana prahara teka lan aluné mlebu ing prau, nganti prauné kebak banyu. Déné Gusti saré ana ing buritan, mustakané tumumpang ing bantal. Para murid padha mungu Gusti karo matur, “Gusti, punapa boten menggalih? Kula sami katiwasan!” Gusti nuli wungu lan ngabani angin sarta dhawuh marang sagara, “Wis menenga! Sirep!” Lan angin sirep, lan kabèh lerem manèh. Gusti nuli ngandika, “Kepriyé “Kepriyé ta kok padha jirih temen? Apa kowé durung padha duwé pangandel?” Para murid dadi saya wedi lan padha rerasanan, “Sapa ta iki, d éné prahara lan sagara padha nurut?” I: Rahayu wong kang uripe salaras karo sabda Dalem lan ngugemi dhawuhdhawuh Dalem.
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
4
manah kawula. U: Rinesepna Sabda Dalem Gusti ing manah Homili Kawula Pitados Panyuwunan Umum (Umat jumeneng) I Yen pinuju ngalami praharaning urip, aku bisa tansah teguh tentrem, jer tansah diamping-ampingi diamping-ampingi Gusti. Yo padha munjuk ingarsa Dalem: L Gusti, mugi tansah karsaa ngamping-ampingi ngamping-a mpingi para panuntuning Pasamuwan tuwin Nagari amrih samia saged nindakaken ayahan kanthi tatag lan penuh tanggel jawab. Kawula nyuwun.... U Gusti, mugi nyembadanana nyembadanana panyuwun kawula. L Gusti, keparenga ingkang sami ngupadi ngupadi kasunyatan sami manggih katentreman saha sami tumut cawé-cawé mbangun masarakat adil makmur waradin. Kawula nyuwun...... U Gusti, mugi nyembadanana nyembadanana panyuwun kawula. L Gusti, keparenga para panandhang panandhang cacat tuwin sakit sami ngalami bilih asring saged asung panglipur dhateng ingkang sami kapusan. Kawula nyuwun...... U Gusti, mugi nyembadanana nyembadanana panyuwun kawula. L Gusti, mugi kateguhna kapitadosan kawula, bilih Gusti tansah ngempali saha ngamping-ampingi ngamping-ampingi wonten ing pundi kémawon. Kawula nyuwun...... U Gusti, mugi nyembadanana nyembadanana panyuwun kawula. I Gusti Allah, Rama kawula ing swarga, kawula sami kadereng ing katresnanipun Gusti Yésus, Putra Dalem kinasih. Kanthi pambiyantunipun kawula sami kepéngin kabegjan sejati sadangunipun gesang kawula. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. U Amin.
LITURGI EKARISTI Kidung cecawis pisungsung esuk: KA. 206 Sembahyang cecawis pisungsung Rama mahasuci, mahasuci, mugi sareng kaliyan kaliyan roti anggur anggur punika punika karsaa I: Gusti Allah, Rama nampi gunging atur panuwun kawula karana Gusti Yésus Putra Dalem, ingkang nggesangaken saha nggegesang kawula. Lantaran Sang Kristus,
Gusti kawula. U: Amin Sembahyangan Sembahyangan Puji Panuwun Agung Suci-Suci
esuk: KA. 222
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
5
Rama Kawula esuk: KA. 140 Sembahyang Katentreman Cempéning Allah esuk: KA. 232 Komuni esuk: KA. 240, 663 Sembahyang Bakda Komuni (Umat Jumeneng) I: Ayo padha munjuk: Gusti Allah, Rama kawula ing swarga, Gusti tansah nggatosaken saha ngamping-ampingi kawula lantaran Gusti Yésus Putra Dalem, inggih Sabda Dalem ingkang kuwasa. Kawula nyuwun, sampun ngantos kawula katebihaken saking sih pitulungan ingkang kasagahaken kanggé kawilujengan kawula. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. U: Amin
RITUS PANUTUP Woro-woro Berkat Panutup Kidung Panutup
(Umat Jumeneng) esuk: KA. 393 MALAEKATING ALLAH
- Malaekating Allah nglantaraken dhawuh dhateng Kenya Maria . Lajeng Sang Kenya anggarbini saking kuwasaning Hyang Roh Suci. Sembah bekti.... - Kawula abdining Allah . Sendika ing dhawuh Dalem. Sembah bekti.... - Sang Sabda lajeng dados manungsa . Yektos nunggil ing kawula. Sembah bekti.... - Ibuning Allah, nyuwun pangestu Dalem . Supados pantes nampi ganjaran kasagahan Dalem Sang Kristus. Suwawi sami munjuk: Gusti, sarehning kawula sampun dipun wartosi ing Malaekat, bilih Putra Dalem yektos manjalma, mila sami nyuwun sih pitulungan Dalem, supados sarana saking sangsara saha pamenthanganipun Putra Dalem, mbenjing satangining badan, kawula sageda ndherek kamulyakaken. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.. SEMBAHYANGAN TAUN TIMBALAN 2015
Allah Rama kawula, puji syukur saha atur panuwun kawula unjukaken wonten ingarsa Dalem, awit Panjenengan Dalem sampun karsa nimbali ing antawisipun umat Dalem, lelados sacara mirunggan ndhèrèk timbalan Dalem dados Suster, Bruder, Imam lan serikat Sekular.
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu
6
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
Ing taun timbalan 2015 punika, kawula nyuwun ingarsa Dalem, mugi kaénggalna saha kakiyatna katresnanipun para Suster, Bruder, Imam dhateng Panjengan Dalem. Kautusa Hyang Roh Suci supados tansah paring pitulungan, dhateng para Suster, Bruder lan para Imam amrih tansah nanggapi karsa Dalem saha tuntunan Dalem kanthi sawetahing manah. Mugi para Suster, Bruder, Imam dados seksi jumenengipun Kraton Dalem ing tengahtengahing masyarakat sarana tetembungan tuwin tindak tanduk linambaran gesang karohanèn ingkang kiat lan sembahyangan ingkang tanpa kendhat. Mugi karana nggegulang gesang timbalan suci punika, para Suster, Bruder, Imam manggih kabingahan ingkang sejatos lan saged ngedalaken woh mbiyet. Mugi sugengipun para Suster, Bruder lan Imam tansah nengsemaken ingkang saged nuwuhaken niat kanggé para putra, remaja lan nèm-nèman ndhèrèk timbalan Dalem. Panyuwunan saha pangajeng-ajeng kawula punika, kawula unjukaken lantaran Sri Yésus Putra Dalem, ingkang gesang tuwin mengku keprabon, manunggil kaliyan Hyang Rama lan Hyang Roh Suci sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin SEMBAHYANGAN KANGGE PEMBANGUNAN GEREJA SANTO PETRUS & SANTO PAULUS PAROKI KLEPU
Gusti Allah, Rama Mahakuasa, Gusti sampun nimbali kawula dados warganing pasamuwan suci, Paroki santo Petrus lan Santo Paulus Klepu sarta paring Rama pangen ingkang tansah paring tuntunan, nyembahyangaken, ngladosi kabetahan kawula sarta dados lantaran kawula nampi berkah. Umat Dalem ing Paroki Klepu wekdal punika mbetahaken gedung gereja ingkang murwat selaras kaliyan tuwuh mekaring umat Dalem. Kawula nggadahi niat badhe mbangun gedung gereja ingkang saestu nyekapi kangge sembahyang, ndedonga, kangge ngangsu kakiyatan saking Sampeyan Dalem, sarta kangge mahargya kekeran-kekeran suci, pakaryaning asih, tresno Dalem, langkung-langkung Pahargyan Bojana Ekaristi, Pawarto Sabda, sarta pelayanan-pelayanan sakramen suci kangge putra-putri Dalem. Kaampingana para bapak ibu panitia ingkang kanthi raos sukarila, suka gambira sampun ndamel rancangan lan nggarap papan pengibadah punika. Mugi-mugi punapa kemawon ingkang sampun dipun penggalih, dipun rancang sarta dipun garap, dipun ayahi saestu minangka wujud nyata pengabdinipun konjuk ing Sampeyan Dalem. Karana Pangampingan Dalem, kawula sadaya umat Dalem saged sarta sagah nyawiji cancut taliwanda mbiyantu pakaryan mbangun gedung grejo punika salaras kaliyan kasagedan piyambak-piyambak. Kawula nyuwun, mugi sedaya ingkang sampun karancang, salaras kaliyan rancangan Dalem, sarta supados sageda kalaksanan
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu
7
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
salaras kaliyan karsa Dalem. Kanthi andhap asoring manah, kawula nyuwun pangestu Dalem Ibu Mariyah, Ibuning pasamuwan Suci supados tansah paring pitulungan dhateng pambudidaya kawula punika. Sedaya punika wau kawula suwun, lantaran Putra Dalem, Sang Kristus Juru Wilujeng kawula. Amin. SEMBAHYANG KAGEM PAROKI KLEPU Gusti Allah, Rama ing swarga, kawula ngunjukaken agunging panuwun krana berkah ambal warsa kaping 85, Paroki Santo Petrus lan Paulus Klepu. Kawula nyuwun tuntunan Dalem supados sami gesang tentrem lan rukun, saged makarya sesarengan mbangun Pasamuwan, inggih ing babagan jasmani, linangkung kangge mekaraken kapitadosan, pangajeng-ajeng lan katresnan, kados piwucal Dalem. Mugi-mugi Rohing Panunggalan karentahaken dhateng umat Dalem, murih saged nunggalaken niat tuwin kasagahan kawula ing sawernining pakaryan ingkang nuwuhaken kawilujengan lan ndadosaken kawula sansaya raket ing pasedherekan. pasedherekan. Kaberkahana kawula mawi Rohing Gesang, roh ingkang tansah ngurubaken semangat lan neguhaken kawula, gumregut majengaken paroki, lumantar mawarni-warni kegiatan lan pakaryan sae konjuk Gusti lan sesami, utaminipun sanak sedherek ingkang alit, sekeng, miskin, katriwal lan cacat. Dhuh Sang Kristus, Sang Imam Agung, kawula matur nuwun awit tansah pinaringan para romo pangening umat Dalem. Panjenenganipun saestu nggatosaken kawula kanthi tuntunan lan piwucal ingkang nuwuhaken semangat, pangajeng-ajeng, manah ingkang bingah lan kebak ing atur panuwun. Kawula sami nyuwun, mugi Gusti tansah paring kasarasan, kakiyatan, kawicaksanan lan kasetyan dhateng para romo kangge nglajengaken gesang timbalan lan pangabdinipun. Kawula sesuwunaken ugi berkah kangge Pengurus Dewan Paroki, biarawanbiarawati lan sedaya kemawon ingkang sesarengan makarya ing Paroki Klepu. Kaampingana pakaryanipun supados samia saged ngladosi umat Dalem kanthi sae. Kadadosna piyambakipun pangen ingkang saged nuntun kawula dados umat ingkang cerdas, tangguh lan misioner. Kanthi mekaten Paroki Klepu kepareng dados Pasamuwan ingkang grengseng, gesang tuwin asung berkah laras kaliyan kersa Dalem. Sedaya kawula suwun lantaran Sang Kristus, Gusti lan Allah kawula, ingkang sesarengan Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku keprabon, samenika sarta ing salami-laminipun. salami-laminipun. Amin.
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
8 WARA-WARA
DINTEN MINGGU LIMRAH KAPING - XII Tanggal: 21 Juni 2015 KOOR Setu Sonten : L. Yusup Jitar Kulon Minggu Enjing : L. Heribertus Sejati Pasar Pasar Minggu Siang : L. Emmanuel Sejati Trukan PETUGA PETU GA S PR OD ODIAKON IAKON Setu Sonten : YB. Gunawan, Hubertus Sartono, Lukas Slamet, Theresia Mardiyanti Minggu Enjing : R. Sri Hartini, F. F. Suharjono, Andreas Sumartono, Sumartono, M. Amir Dwijo Suryanto Minggu Siang Siang : A. Suhardi, Yoh. Yoh. Giman, Yohanes Yohanes Paryadi, Paryadi, Yusup Wahyu Nuryanto PRANATA LITURGI Setu Sonten : L. Timotius Keron Minggu Enjing : L. Lukas Bero-Kwarasan Bero-Kwarasan Minggu Siang : L. Ignatius Sumber P E TU TUG A S R E R E S IK IK G E R E J A L. Maria Imaculatie Cordis Setran R I A S A L TA T A R S E T US I A NG NG L. Yusup Gatak Sutan Denokan J A G A P A R K I R L. Dionisius Pingitan Wara-wa Wara -warr a S anes ipun - Kolekte I Minggu kapengker Rp. 3.712.600,- Kolekte II Minggu kapengker Rp. 1.606.700,W ilayah Sumberagung, Minggu ngajeng - Tugas ngetang kolekte Minggu puniko Wilayah L. Dionysius Pingitan Wilayah Sumberarum Lor. - Setoran Persembahan Umat, Minggu Ngajeng ing Pastoran. Pem bangunan saged dipun setor Minggu puniko, 21 2 1 Juni 2015 ing - Dana Pembangunan Sekretariat Paroki. - Pepanggihan Rutin Prodiakon : Minggu, 21 Juni 2015 jam 09.30 W ib ing Aula Pastoran, materi tentang Liturgi lan oleh-oleh Sarasehan Prodiakon saking Atma jaya. Pengumuman puniko puniko minongko undangan. undangan. - Pepanggihan Para Katekis se-Paroki Klepu: Kamis, 25 Juni 2015 Pukul 16.00 Wib ing Pasturan Klepu. Parkir sampun cumawis ing Sekretariat Paroki, kangge - Jadwal Lingkungan/komunitas ingkang ndaftar tugas parkir kaaturan mendhet.
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu
9
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
Petugas Pelayanan Prodiakon Periode Periode Juli-Desember 2015 sampun - Jadwal Petugas cumawis wonten Sekretariat Paroki kangge Bapak/Ibu Prodiakon kaaturan mendhet. menerima naskah naskah dari umat berupa berupa pengalaman pengalaman iman, iman, - Tim Warta Paroki Klepu menerima Kritik atau saran, pertanyaan seputar gereja, atau opini yang bertema 100% Katolik 100% Indonesia. Naskah dapat dikumpulkan di Sekretariat Paroki paling lambat 20 Juli 2015. penyembuhan dari BPPKK (Badan (Badan Pelayanan Pembaruan Pembaruan Karismatik - Doa penyembuhan Katolik) Kevikepan DIY, Selasa, 23 Juni 2015 pukul 18.00 Wib, umat dimohon partisipasinya. - Senam Lansia dipun laksanani saben dinten Rabu pukul 16.00 Wib ing Aula Pastoran Liturgi lan Peribadatan Peribadatan Paroki Klepu Klepu sampun nyawisaken TPE basa - Bidang Liturgi jawi enggal. Kangge Lingkungan lan Kapel kasuwun kagungan buku puniko mawi ganti ongkos cetak Rp. 100.000,- lan saged kapendhet wonten ing Sekretariat Paroki. Persiapan Perkawinan Perkawinan Paroki Klepu: Klepu: dipun laksanani tanggal tanggal 14, 15, - Kursus Persiapan dan 16 Juli 2015 mapan ing Pastoran Klepu. Pendaftaran ing Sekretariat Paroki. St. Petrus dan Paulus Paulus Klepu Klepu ke-85 : - GEMA HARPA Paroki St. 1. Lomba Futsal : Minggu ini, 21 Juni 2015 Pukul 08.00-selesai di Lapangan Futsal Karanganjir, pendaftaran di Sekretariat Paroki beaya Rp. 100.000,-/tim. 2. Malam Kesenian : Minggu, 21 Juni 2015 pukul 18.30-selesai pentas seni menampilkan pemenang Karawitan dan Festival Budaya, Ketoprak ”Daharu Kasaput Sih” dan wayang kulit lakon ”Jumenengan Pringgodani” dalang : Rm. Lukas Heri Purnawan, MSF. di halaman Gereja dan Sekolah. 3. Seminar Pasutri : Minggu, 28 Juni 2015 pukul 09.00-selesai di Aula Pastoran. Rekoleksi Pasutri usia perkawinan 0-10 tahun, ditutup dengan Misa Kudus, kontribusi Rp. 20.000,-/pasang. Mohon Ketua Lingkungan mengirim perwakilannya. Narasumber Rm. Petrus La Sadi, MSF. dari Komisi Pendampingan Keluarga Kevikepan DIY. 4. Kenduri bagi warga warga di sekitar Gereja, Gereja, Minggu, 28 Juni 2015 pukul 16.00 16.00 Wib bertempat di Aula Pastoran. 5. Temu Putra-putri Klepu yang hidup membiara dengan OMK Sabtu, 4 Juli 2015 sore, dimohon para Ketua Lingkungan dapat mengirim peserta dari Remaja/OMK. 6. Perayaan Ekaristi Syukur, nuansa jawa bersama Rama-rama dari Paroki Klepu dan yang pernah bertugas di Paroki Klepu Minggu, 5 Juli 2015 pukul 08.00 Wib, dilanjutkan dengan pesta umat di halaman SD Kanisius dan Gereja, Donor darah di SD Kanisius, Pembagian piala bagi pemenang lomba. Reuni putra-putri Paroki Klepu yang menjadi Imam, Bruder dan Suster di Aula Pastoran.
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu
10
Ngahad XII - B Setu-Minggu 20-21 Juni 2015
MIS S UC I IN I N G L I NG K UN UNG GAN Senin, 22 Juni 2015 : L. Aloysius Gejagan wonten dalemipun Bapak Robertus Sugiyo. Saderengipun mis suci saking Tim Kesehatan badhe nyaosi Pelayanan Pemeriksaan Kesehatan wiwit pukul 17.00 Wib berupa: Tensi lan obat ringan (Vitamin), Pemeriksaan Asam Urat, Gula lan Kolesterol. : L. Aloysius Nulisan wonten dalemipun Bapak Y. Heri Sukendro Jumat, 26 Juni 2015 : L. Petrus Brajan wonten dalemipun Bapak Bapak Y. Tukijo TUG TU G AS IBU LINGK LINGK UNGA N Senin siang, 21 Juni 2015 : L. Bernardus Sidoagung kalajengaken L. Agatha Timbulrejo wiwit Selasa, 22 Juni kalajengaken malih L. Stefanus Gedongan Sumberan wiwit Setu, 27 Juni 2015. Senin sonten, 21 Juni 2015 : L. Bernadeta Pendulan kalajengaken L. Maria Imaculatie Cordis Setran wiwit Rabu, Rabu, 24 Juni 2015. Tugas sanesipun : L. Petrus Sidoluhur kalajengaken L. Theresia Kliran Wetan wiwit Rabu, 24 Juni 2015. Sumbangan untuk Renovasi Gereja Klepu dan Minggu Ini : - Ibu Cicilia Windarti BS L. Clara Klepu - Maria Poerbawati Bantul - NN - Sumbangan dari LingkunganLingkungan- Lingkungan Lingkungan sementara terkumpul Dana sampai saat ini terkumpul Biaya Operasional sampai saat ini Saldo Dana saat ini
Pemeliharaan Gedung Rp. Rp. Rp.
5.000.000,100.000,2.000.000,-
Rp. Rp. Rp. Rp.
210.890.000,272.055.000,9.177.200,262.877.800,-
Para Romo, Dewan Paroki dan Panitia Pembangunan mengucapkan banyak terima kasih atas partisipasi umat dalam pendanaan pelaksanaan tahap awal pembangunan Gereja Klepu. Mekaten wara-wara ing dinten puniko, matur nuwun.
Gereja Santo Petrus dan Paulus Klepu