JEJER ASTINA - Prabu Duryudana
Swuh rep data pitana. Miyak
sepining
swasana
srana
ngungak
luhuring budaya sinaretan hambedhah lungiding kagunan, yekti ing kono ana parwa peranganing carita saking serat Mahabharata, anenggih punika jagading wayang wayang purwa ingkang ingkang ugi sinebat ringgit purwa. Pramila sembahyang
sinebat label
wayang jroning
sasmita wayang
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
wajib sinung
piwulang ingkang dayane maweh pepadhang tumraping tiyang agesang. Ugi sinebat ringgit dhuk kunane Sunan Giri kang nganggit, awujud serat panggurit sinanggit sarana wirit temah bangkit dadya carita lungit. Purwa tegese wiwitan sasmita purwaning dumadi nenggih lelakon hing madyapada kawiwitan Nabi Adam lan ibu Khawa, pramila wayang purwa dadya tuladha gesanging janma ingkang sedaya kawengku purbaning Gusti Kang Maha Nasa. Aura klawan watak sura dadya rengganing carita kadya saloka suradira jayeng palugon swuh brastha tekaping ulah darmastuti, werdine nadyan digdaya kinayoman Durga Kala lamun degsura ngungasake kasektenira, ing kono yekti bakal sirna kagiles dening rodhaning watak sura.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Anyarkara
nyarengi
ing
purwa
ratri
sinengkalan luhuring kagunan kunjuk mring Gusti, katingal gumelar mirtangka purwaka, anenggih punika
gumelaring
negari
Ngastina
ya
Hastinapura, nenggih sinebat praja Gajah Oya, Liman benawi, Kurujanggala inggih awasta negari Purwa Srinandha. Pramila sinebat Hastina krana dhuk
kunane
sang
Hastimurti
inggih
Prabu
Hastipraba kang kepareng yasa negari. Gajah Oya dadya pepenget lamun ing nguni tilas kedhatoning dirada Prabu Gajahsura ingkang dipun telukaken sang Resi Palasara. Liman benawi mengku werdi ngongkang
samodra
gisiking
bandar
sinung
pratima pinetha gajah anginum toya awasta reca gajah
Purba
kayun.
Kurujanggala
dadya
kedhatoning bangsa Kuru, pramila sinebat Purwa
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Srinandha labet kang yasa negari taksih trahing Prabu Srinandha. Negari Ngastina nedheng ngancik
jaman
kencana pindhane swarna dwipa, binasakaken punjul ing apapak umpama obor padhang urube, kalammun gunung dhuwur kukuse, yen ta kali jero kedhunge, bebasan pasar adoh kumandhange. Kuncaraning praja miwah luhuring kawibawan katingal saking kathahing bangsa manca ingkang aliru duta tandha sihing kekadangan. Lumadining gesang para kawula samya denatur, siang ratri hangelur-selur,
ngupaboga
tan
wonten
kang
nganggur, watak srei samya den singkur, sugih brana samya syukur, klawan rowang sumadulur temah sembada gesang makmur. Among tani samya taberi, saben hari kontap makarti, nggarap pasiten gilir gumanti, temah gumelar pandya Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
bathari Sri. Lemah kapur samya den lulur, padhas curi samya linebur, temah dadi kang sarwa tinandur. Para dagang samya rumagang, bangsa matswa datan kuciwa hanggendhong jala mideri samodra, miyasa mina datan pakemba kadya mas kentar lampahing palwa, hamung kuciwane sang nata kang ngasta pusaraning praja tansah hangugung watak adigang adigung adiguna, binasakake banter seneng nglancangi, dhuwur seneng ngungkuli landhep seneng natoni. Negari
Ngastina
katingal
ageng
nanging
dereng agung, katingal ayom nanging dereng ayem labet para narapraja, nayaka miwah sentananing ratu racak samya hanggunggung dhiri karem clemer
lumuh
makarti,
kasusilan
dianggep
dolanan, ingkang ginantha muhung swarganing Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
raga, anguja kuruping priangga temah wuru dhateng kanisthan. Sinten ta ingkang jumeneng nata hanyakrawati mbahudhendha wonten negari Ngastina, mapan wus ana pilahane lamun kethek araning pragosa, buta praceka, dewa wewisik, pandhita peparap lamun ratu wenang ajejuluk. Sang nata jejuluk Prabu Duryudana inggih jejuluk Prabu Suyudana, Jayapitana ya sang Prabu Jakapitana, inggih jejuluk
Prabu
Gendarisuta, Prabu
Kurupati,
Kurawaendra, Kurawaendra,
Drastharastrasiwi,
Gandariya,
inggih
Gandaryanata,
ya
Sri
jejuluk Prabu
Tripamangsah. Pramila jejuluk Prabu Duryudana karana sang nata hangrasuk makutha kaprajuritan. Suyudana mengku werdi lumintu dedanane kadya ilining toya narmada. Jejuluk Jayapitana yekti dadya Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
mustikaning prajurit, Jakapitana mengku werdi dadya pepenget duk nalika taksih jejaka wus sinengkakaken ngaluhur jumeneng nata. Pramila jejuluk prabu Kurupati dadya ratune bangsa kuru. Kurawa-endra hangratoni kadang satus ingkang sinasapan
wanodya
sajuga
nenggih
Dewi
Dursilawati. Gendarisuta sang nata atmajane Dewi Gendari,
Drastharastrasiwi
yogane
Narpati
Drestarata. Prabu Gandariya mbenjang Bratayuda dadya prajurit pamungkas, Gandaryanata mengku werdi
sang
nata
trah
ratu
Gandaradesa,
Tripamangsah minangka pepenget duk lahire sang nata dhampittiga. Prabu Duryudana hangasta pusaraning praja linambaran paugeran catur wara nenggih sama beda dana dhendha, nanging cakcakane taksih kumingsun lire panguwasa kinarya gada, seneng Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
sembranan lumuh kungkulan tanpa beda kadang kurawa ingkang dursila watak candhala. Hanyarengi mangsa kasada windu sancaya tinengeran wuku Prangbakat. Anggara kang ari magut tabuh hawa, sang nata kepareng miyos siniwaka lenggah dhampar sinasotya sesemek babut warni sindura ingkang rinenda benang kencana, ing madya sinungging sekar pinetha cepaka mulya. Sinebaran sari-sari ginanda wida, kongas mangambar gandoning jebat kesturi yen cinandra kadya rumabasing durgandana. Wiyosing sang nata binayang kare para cethi, biyada, manggung katanggung, jaka palara-lara ingkang hangampil upacara keprabon. Katingal mobyar rengganing banyak dhalang hardawalika, tempuking pandam kurung miwah kasoroting giwangkara yayah walataga asilih pernah. Sirna Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
kamanungsane sang Suyudana pindha bathara Prabancana ngejawantah kahayap para hapsari. Ander kang samya sumewa nenggih wadya kang hanggantung seba wiwit saking bacira ngayun, pagelaran, balowarti ngantya tumekeng alun-alun pungkur. Angendanu pindha himawan ponang dwaja rontek lan umbul-umbul. Akehing wadya
ingkang
hanggantung
seba
pindhane
sasangka ginarebeg hing taranggana. Rep sidhem premanem datan ana janma nyabawa, ingkang kapyarsa hamung tumetesing tirta tusara dhumawah ing ron-ronan kang samya panjrah. Hing njawi kapireng swantening abdi gusali
kang
lagya
makarti
imbal
gantya
hamandyaraga, kumandhange yayah swaraning cengger retna.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Lah sinten ta punika ingkang kepareng caket denira mangarsa? anenggih punika pujangganing praja wingking saking pertapan Sokalima peparab Dhahyang Druna, resi Kumbayana inggih peparab Baratwajaputra ya sang Wipra inggih sinebat begawan Menak angyra. Pandhita sekti dadya mustikaning prajurit minangka dwija guruning olah kasekten. Sumambung pasebanira kadang sinarawedi katingal sumeblak yayah lintang panjer rina, tuhu punika Narpati Ngawangga sang
Karna ,
Basusena ya sang Suryatmaja, Tri tali darma inggih jejuluk Prabu Bismantaka. Suwiteng Sri Kurupati kinarya gulgul gedhig manggalaning jurit. Datan kantun pasebanira wrangka nata kaprenah bapa pamane sang nata, wingking saking kepatihan
Plasakuning
kekasih
rekyan
patih
hamangkubhumi Ngastina sang Harya Sengkuni, Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Raden Suman inggih sinebat swelaputra ya Trigantalpati. Sidhem ingkang samya sumewa ngentosi dhawuh timbalaning sang nata. Dupi wus kapyarsa swantening mriyem Kyai Pecatnyawa munya imbal kaping tiga, Prabu Duryudana sigra paring dhawuh, mangkana ruruh pangandikane sang Srinarapati.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo