JEJER YAWASTINA - Prabu Parikesit
Swuh rep data pitana. Sinaretan sesanti sirna ilang sukertaning bumi, punika dadya palupi lamun watak asura nadyan kinayoman Bathari Pramuni, yekti bakal kalindhih dening watak sura ingkang mawi sarana luhuring budi miwah anteping pakarti. pa karti. Kadya Kad ya lelampahan duk ing nguni nenggih prang suci ing Tegalkuru, campuhing
Baratayuda
Jayabinangun
Kurawa
klawan fandhawa, tinengeran guguring para senopati, ingkang den pungkasi babak rubuhan nenggih sirnaning Prabu Kurupati. Purnaning Bratayuda dadya tetenger purnaning jaman purwa, gumanti lelampahan Maha Prastanika parwa
ingkang
Minangka
winastan
pambukaning
jaman
Karimataya. Karimataya.
kandha
murwakani
gancaring carita, bebasan ngupaya satus datan Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
jangkep sedasa, muhung punika gumelaring negari Yawastina inggih sinebat praja Astina, Gajah Oya ugi awasta negari Liman Benawi. Pramila sinebat Yawastina mengku werdi negari merdika ing pungkasaning Baratayuda. Astina, krana duk kunane sang Prabu Hastimurti inggih sang Hastipraba ingkang kepareng yasa negari. Gajah Oya,
rumiyin
tilas
kedhatoning
dirada
Prabu
Gajahsasura ingkang kalindhih prang klawan Prabu Palasara. Ugi winastan Liman Benawi hamengku werdi negari ngongkang samodra mangku bandar pelabuhan,
gisiking
benawi
sinung
pratima
dwipangga awasta gajah Purbakayun. Pramila sinebat Yawastina mengku werdi negari merdika ing pungkasaning Baratayuda. Astina, krana duk kunane sang Prabu Hastimurti inggih sang Hastipraba ingkang kepareng yasa negari. Gajah Oya,
rumiyin
tilas
kedhatoning
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
dirada
Prabu
Gajahsasura ingkang kalindhih prang klawan Prabu Palasara. Ugi winastan Liman Benawi hamengku werdi negari ngongkang samodra mangku bandar pelabuhan,
gisiking
benawi
sinung
pratima
dwipangga awasta gajah Purbakayun. Negari Yawastina dumadi saking bebanjaraning pulo-pulo, sinela sungapan binelah dening samodra, saben kitha gisiking jaladri hamangku bandar pelabuhan, dadya jujuganing bangsa manca ingkang aliru dedagangan. Kalamun mulat tepining ancala, ngelangut tanpa pagut, imbanging cakrawala kadya ginaris. Saben pulo racak pinaku harga hangrangsang tawang, biru maya beborehan salju katingal sentosa, caket katingal birawa prasasat dadya pasak bumining negara. Dhasar negari Yawastina kasusra bumi kencana wilis, werdine pasiten subur sadhengah kang tinandur dadya
sempulur,
nara
kisma
wekel
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
nenandur,
taneman pala samya ngrembaka. Palawija datan pa sela, pala kasimpar katingal aglar, pala kapendhem wohe hambiyeg, pala gumandhul wohe sumundhul. Pari gaga, dhudha ngasak, raja lele aglar ing pesabinan, lamun gumadhung rone nganti tumiyung, dupi wus mangsa panen, katingal kuning gumrining yayah kencana sinangling. Ingon-ingon rajakaya, pitik iwen ber-iberan, wanci rahina aglar ing pangenan, suruping Arka datan giniring wus bali mring kandhange dhewedhewe. Saking raharjaning praja, binasakaken tan wonten kandhang pinalangan keri kinancing, tindak dursila samya sumire, para durjana tan ngganggu gawe. Wana gung imbanging gunung tansah rineksa kayuwananira,
mrih
lestari
tangkar
tumangkar
tumurun mring putra wayah. Para kawula lan narapraja kontap kautamanira, sedaya sumuyut mring Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
sang
nata,
sengseming
sahari
ratri
pasrawungan,
hanggung temah
mamardi
tan
wonten
sangsaya sinangsaya. Brahmana, pandhita, wasupitri, ajar
klawan
wasi,
samya
gentur
tarak
brata,
mantheng semedinira, luhur pangesthine, ingkang binudi muhung rahayuning rahayuning bawana. bawana. Bangsa matswa aglar ngideri samodra sarwi hanggendhong jala, misaya mina srana nitih bahita. Para dagang rumagang, aglar ing pasar, dol tinuku tan kena piniyak, candhak kulak racak hanggliyak, dadya cagak saka guruning pangupa boga. Saking kuncaraning praja miwah luhuring asma sang nata kang ngasta pusaraning pradata, temah kathah narendra manca aliru duta kinarya tandha sihing memitran. Negari Yawastina binasakaken panjang, punjung, pasir, samodra wukir harga, gemah ripah, loh jinawi karta, tata tur raharja.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Lah sinten ta ingkang jumeneng wonten negari Yawastina, wenang den ucapna dasanamanira sang Srinaranata, jejuluk Prabu Parikesit, ya Prabu Paripurnama, Prabu Dwipayana, Prabu Mahabarata, Prabu Paripurna, Bimanyusiwi ya Prabu Utamatmaja. Pramila jejuluk Prabu Parikesit, dadya pepenget lahirira sang nata hanyarengi lumadining jaman Karimataya. Jejuluk Prabu Paripurna, mengku werdi lamun lahirira nyarengi paripurnaning Baratayuda Jayabinangun.
Paripurnama,
sumorot
wedanane
yayah soroting sasadara kang nedheng ndadari. Pramila jejuluk Prabu Dwipayana, nunggak semi peparabe kang eyang Saptaarga. Inggih jejuluk Bimanyusiwi, sang nata yogane Raden Abimanyu Abimanyu.. Utamatmaja, punika atmajane Dewi Utari. Sang nata ngasta pusaraning praja linambaran catur wara nenggih dana dhendha, sama beda, hambege
samahita,
danahita,
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
sarahita
tuwin
darmahita. Werdine sang nata sengsem marang ulah kasekten, remen ulah kaprajuritan, nengenaken adil paramarta turta tansah marsudi ing reh tatakrami. Lampahing pradata nindakaken dana wesi asat, lire datan hambau kapine. Dhenga kang nerak prenatan kapatrapan
pidana,
kang
agung
lelabuhane
pinaringan bebana ganjaran murwat klayan bobot lelabuhanira. Nuju hari Anggara ing wulan kasada, nyarengi mangsa palguna tinengeran wuku Mandhasiya, sang nata miyos tinangkil ing pandhapi agung, lenggah dhampar
sinasotya,
sesemek
babut
permadani,
sinebaran urap sari ginanda wida, lisah jebat kesturi, kongas
mangambar
gandane
nganti
tumeka
paningrat. Wiyosing sang nata Prabu Parikesit kahayap para abdi biyada, manggung katanggung, jaka palara-lara samya hangampil upacara kaprabon nenggih
banyak
dhalang,
sawung
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
galing,
hardawalika,
kacumas
dwipangga
kang
sarwa
kencana. Mubyar ing ngakasa, kapantog ing pandam kurung
miwah
kasoroting
giwangkara,
pating
galebyar pindha sudama kang lagya panjrah. Rep sidhem premanem datan ana kang nyabawa, ingkang kapyarsa muhung lamat-lamat ungeling pradangga
ingkang
tinabuh
para
abdi
niyaga,
kabarung pangeliking widuwati, katingal senen tuwin dadya renggep ing pasewakan. Para abdi gusali, mranggi, pandhe lan kemasan ugi lagya sengkut makarti, paling carengklang paling carengkling, swarane imbal gantya lir mandyaraga. Ing njawi tinon andher pisowanira prajurit hanggantung seba, wiwit paningrat dumugi pagelaran tan ana selane, baludage dumugi bacira ngayun. Hangendanu rontek umbul-umbul, dwaja ketitir myang gendera panunggulyuda, sinasapan songsong lan motha, kadya jamur barat ing mangsa rendheng. Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Sirna sipating narendra sang Paripurnama, prasasat Bathara Kamajaya
ngejawantah
kahayap
para
hapsari. Sinten ta ingkang kepareng caket denira seha, tuhu punika wrangka nata sang nindya mantri muka pangarsa wasesaning negari Yawastina, kekasih Raden Dwara. Ngudan asih pangandikane, mbranyak pasemone, ruruh wedanane, prasasat nunggak semi kaliyan ingkang rama nenggih sawargi Raden Samba. Sinambet ing pungkur nenggih patih kaparak kiwa, hanyatriya ing Randhuwatang kaleres yogane sawargi
Raden
Danurwenda,
Antareja,
Satriya
mandraguna
Jayeng
hanggadhuh
mustika
marcundha
klayan
kekasih
gagah palugon.
birawa, Dhasar
mayabumi tirta
Raden sekti wenang
tuwin
rasakundha.
wisa
Mustika
mayabumi, kuwasane saget ambles bantala lan ambyur samodra tanpa beda kaya ing dharatan. Wisa Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
marcundha, lamun kinecohaken ing sela, sanalika lebur luluh dadya ndhut blegedaba. Wondene kuwasane tirta marcundha, kinarya ngusadani wisa marcundha miwah nggesangaken kunarpa ingkang pejah dereng winanci. winanci. Dereng ngantos imbal wacana sang nata klayan para pangarsaning negari, katungka rawuhira kang eyang Mandura Begawan Balarama ingkang tinuntun dening kang paman Pangombakan Resi Subrastha. Gugup sang nata denira ngacarani rawuhira ingkang eyang,
mangkana
ririh
sabdane
Yawastina.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
wong
agung