JEJER AMARTA - Prabu Puntadewa
Swuh rep data pitana. Swuh werdine dadi, rep hanenggih swasana tentrem data hanggayuh, pitana luhur. Dadya tentrem lamun hangesti luhuring kagunan, punika sesanti purwaning
carita
kinarya
hamiwiti
pagelaran
wayangpurwa. Wayang pasemon sembahyang, purwa tegese wiwitan sasmita purwaning lelakon hing jagad gumelar, ingkang dhuk kunane Nabi Adam klawan ibu
Khawa
ingkang
minangka
lajering
janma
hamiwiti lelampahan hing madyapada. Adam cinipta saking anasir patang prakara, bumi, geni, bayu lan banyu, wondene ibu Khawa cinipta saking iga wekas nulya dadya jatukrama dumunung aneng swarga loka. Anyarkara nyarengi sang Adam Khawa karonsih, iblis ijajil ratuning Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
panggodha sigra maeka srana woh Kuldi. Sang andon asmara gya kalimput handhahar woh memala temah kekalihira kadunungaken ing madyapada kinarya hamiwiti gesanging janma ing jagad raya. Mangkana sang Adam dhumawah ing tanah suci ibu Khawa manggen ing tanah Hindhi. Kalih ewu warsa gya pinanggih ing ara-ara Arofah, punika purwaning dumadi temah dadya kumrembyah putra wayah buyut klawan canggah. Anut ujaring kandha babaring serat Purwakandha pustaka Darya, Nabi Adam peputra Nabi Sis. Sis hanggarwa Siti Mulat nulya peputra Sang Hyang Nurcahya inggih in ggih Sayid Anwar. Nurcahya Nurcah ya hanggarwa dewi nur Siti Saras nulya peputra tiga nenggih Darmajaka,
Purbawasesa,
Sanghyang
Wenang
Jatiwasesa tuwin Sanghyang Taya Pramanawisesa. Syanghyang Wenang hanggarwa Dewi Saheti nulya peputra tiga nenggih Bathara Senggana, Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Bathara
Heramaya
tuwin
Sanghyang
Tunggal.
Sanghyang Tunggal hanggarwa Dewi Rekathawati ugi peputra tiga anenggih Bathara Antaga, Bathara Ismaya tuwin Sanghyang Manikmaya. Sanghyang Manikmaya hanggarwa Dewi Umaranti peputra
Bathara Pancadewa nenggih Hyang Sambo, Bathara Brama, Sanghyang Indra Indra,, Bathara Prabancana tuwin Sanghyang Wisnu. Sanghyang Brahma hanggarwa Dewi Saci nulya peputra Bathara Bremana, Bathara Bremani, Bethara Naricibrama
dalah
Sanghyang
Niradhabrama.
Bathara Bremana hanggarwa Dewi Srihunon peputra Prabu Tritrustha. Prabu Tritrustha klawan garwa Dewi Widayat peputra Prabu Pcrikenan. Prabu Parikenan
Dewi
Brahmaneki
peputra
Resi
Manumayasa. Resi Kamunayasa Dewi Kaniraras peputra Raden Kalingga inggih Bambang Sekutrem. Sekutrem Dewi Nilawati peputra Bambang Sakri, Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Sakri klawan Dewi Sati peputra Begawan Palasara. Begawan Palasara lan Dewi Durgandini peputra Begawan Wiyasa. Baiyasa lan Dewi Ambalika peputra Prabu Pandhu. Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi peputra panca witaradya ingkang sinebat Pandhawa. Anenggih para Pandhawa punika ingkang dadya lajering carita ing dalu mangke, label mangasrama aneng negari Amarta inggih sinebat Cintakapura, Batanakawarsa ugi awasta negari Kencanapura ya sinebat Indraprahastha. Indraprahastha. Pramila sinebat negari Amarta tuhu negari ingkang maweh daya hangasrepi ing kina tilas kedhatoning
para
jin
Wanamarta.
Winastan
Cintakapura karana rinengga sendhang sanga kinarya panggesanganing kawula ingkang punjerira awasta sendhang Cintaka nenggih srasane sekar pudhak. Batanakawarsa
mengku
werdi
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
negari
ingkang
winangun sarana dresing karsa miwah adrenging cipta para satriya kang tulus ing jiwa utama. Pantes sinebat
negari
Kencanapura
labet
kekuwunge
mengku praba, prabaning pura pinatik kencana mulya turta jumenenging nata den sranani mawi sesaji Rajasuya. Sinebat Indra-prahastha mengku werdi
prabaning
pura
angemba
pepasren
ing
kahyangan Indraloka. Negari Amarta binasakaken hamung sak eyuping e yuping blarak, nanging kasinungan sekar pudhak pramila sumrebak kumbuling asma, kuncaraning praja tuwin aruming bangsa dadya sekaring wicara. Aja ta lamak manungsa nadyan dewa, jin lan gandarwa samya sumuyud marang sang nata tan ginebag sarana bandawala muhung kayungyun dhateng wibawaning nata ingkang hambeg tulus ing jiwa utama. Dhasar
negari
Cintakapura
dadya
papan
peranganing toya jawah, pramila sadhengah ingkang Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
tinandur
awoh
kumrembyah.
Karangkitri,
tumpangsari klawan pari aglar ing sawah lamun cinandra kadya ombaking samodra kang lagya binelah. Kawula klawan gusti wus nyawiji samya hamusthi palupi ujaring pepali nenggih wewarah kina ingkang awasta Bhineka Tunggal Ika, Beda agama datan sulaya, beda penemu nora padu beda pemanggih tan tan gawe ringkih. Panti
wiyata
tinon
ngrembaka
kinarya
hanggtadhi para taruna, ing cipta dadya sarjana ingkang piguna tumraping bangsa tuwin negara. Panti usada datan kuciwa dadya sarana mbrastha wiyadi temah kasangsaya dadya nirmala panti budaya cinipta kinarya ajanging manggala kang sengsem dhateng luhuring kagunan, temah sembada hanjujung asmaning bangsa. Gisiking samodra dalah candhi tilaran kina kinarya papan pariwisata dadya panglipur kang nandhang nandhang karuna. Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Kaladuking panyandra negari Amarta lagya ngancik jaman kencana mila pantes kinarya sekaring carita binasakaken panjang, punjung, pasir, wukir gemah ripah, loh jinawi, karta, tata, tur raharja. Sinten ta ingkang ngasta pusaraning praja hangembat pradata luhur hing negari Amarta? wenang den ucapna dasanamanira sang narapati nenggih jejuluk Prabu Puntadewa, inggih sang Yudhistira, Darmaputra, Dwijakangka,
Darmawangsa, inggih sang
jejuluk
Darmakusuma, Prabu
Anjathasatru
Sadha
ya
sang
Gunatalikrama. Pramila jejuluk Prabu Puntadewa labet kadewasane sang nata wus sebabag klawan darajating para dewa. Yudhistira yekti narendra bawa leksana lire netepi pangandikane turta wus mumpuni ing olah prang suci. Darmawangsa mengku werdi sinuyudan para brahmana, wasi lan wasupitri. Darmakusuma
lire
lelabetanira
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
datan
pinetang
parandene legawaning sang nata tetep hangambar pindha gandaning sekar. Darmaputra sang nata pinundhut putra dewaning sesanggeman nenggih sanghyang Bathara Darma. Pramila jejuluk Sadha Dwijakangka punika dadya pepenget duk lahirira anyarengi lampahing mangsa rolas. Anjathasatru mengku werdi narendra ingkang datan handarbeni mengsah, kepara merdika sugengira lila ing lara legawa ing pati. Wondene jejuluk Gunatalikrama karana sang nata bangkit hanangsuli reh ing tatakrami, tan arsa ngendika lamun sabdane datan piguna tumrap tumrap yuwananing bawana. bawana. Anyarkara nyarengi mangsa Palguna, windu Adi wuku Sinta, nuju hari Respati sang nata Prabu Puntadewa
kepareng
miyos
siniwaka
lenggah
dhampar kumalaretna, sesemek babud awarni sindura sind ura pinulas cakrik kukila tinepi renda mas pinetha sekar rinonce. Kongas mangambar gandaning sekar miwah Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
lisah kesturi mangambar ngantos dumugi hing pangurakan, wiyosing sang nata ginarebeg abdi bedhaya srimpi, biyada manggung ketanggung, jaka palara-lara ingkang samya hangampil rengganing upacara
keprabon.
Sampet
busananing
sang
srinarapati nenggih hangrasuk busana kadewatan peparinge Sanghyang Darma awasta gelung keling kinancing kencana sinangling, sumping rukmi pan sawuli,
anting-anting
maniking
tirta,
paningset
cindhe puspita, nglambung wangkingan warangka ladrang
kandelan
kemalon
rekta.
Sirna
kamanungsane sang nata pindha Sanghyang Darma ngejawantah kahayap para hapsari. Rep
sidhem
premanem
datan
ana
janma
nyabawa, ingkang kapyarsa hamung swantening abdi gusali, mranggi, gendreh lan kemasan kang lagi makarti, pating carengklang pating carengkling imbal gantya hamandyaraga lir ungeling cengger retna. Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
Sedaya nora saru kepara dadya renggep asrining panangkilan. Lah
sinten
munggweng
ta
ngarsa
ingkang nata?
kepareng
Katingal
caket
hangaglah
ngregemeng yayah lintang bimasekti, anenggih punika kadang nata satriya Unggul Pawenang sang panenggak Pandhawa kekasih raden Wrekudara, Bratasena, Kusumayuda, Wijasena ya sang Bima, Wayunindya,
Gandawastratmaja,
Bilawa
inggih
kekasih sang Jayalaga. Gagah prakosa birawa sembadeng warna turta dadya saka guru tetuwaking sirap kedhaton Amarta. Sumambung sowanira sang panengah nenggih Dyan harjuna, Janaka, Premadi ya sang Pamadhe, Setyamargana, Dananjaya, Wibatsuh, Anaga ya sang Mahabahu. Datan kantun tinon pasebanira warujuning pandhawa wingking saking kasatriyan
Sawojajar
Nakula miwah
tuwin
Bumiretawu
Dyan
rahadyan Sahadewa. Kekalihira
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo
katingal konjem denira sumewa wadana tumungkul ngentosi sabda timbalaning nata. Dupi wus sawega denira para kadang ngabyantara, Prabu Puntadewa nulya paring dhawuh, mangkana ruruh aris sabdane sang Yudhistira.
Sumber : Janturan Jangkep Wayang Purwo