Analisis mengenai geguritan yang sudah dipilihDeskripsi lengkap
truykDeskripsi lengkap
Geguritan BasurDeskripsi lengkap
geguritanFull description
RPP Geguritan
GEGURITAN Micara babagan geguritan kathah ingkang mastani sami kaliyan puisi, bentenipun menawi puisi menika mawi basa Indonesia lan geguritan migunakaken basa Jawi. Menika ingkang dipunmangertosi saperangan tiyang, ananging pamanggih punika ugi mboten klentu. Sejatosipun wonten bentenipun antawisipun geguritan lan puisi ananging ing kalodhangan menika mboten badhe matur ngengingi bentenipun. Guritan sapunika sampun merdika boten kedah jumbuh kaliyan paugeran. Jalaran sampun kenging pengaruh kenging pengaruh kemajengan kemajengan jaman, saengga guritan samangke sampun benten kaliyan guritan jaman rumiyin. Guritan kala rumiyin punika ngangge paugeran:
cacahing wanda boten ajeg
cacahing gatra
pungkasaning wanda runtut wonten uluk-uluk
Guritan sapunika sampun modern ugi dipunwastani geguritan. Titikanipun geguritan inggih punika:
mboten kawengku ing pathokan
migunakaken tembung-tembung ingkang pinilih
cacahipun larik mboten katemtokaken
sajak pungkasanipun bebas
mboten migunakaken basa padinan
arang-arang migunakaken tembung pangiket
migunakaken tembung kawi
isinipun mentes
tarkadhang migunakaken purwakanthi basa, swara lan sastra.
Nulis geguritan mboten sami menawi nulis gancaran utawi awujud wacan. Nulis geguritan punika wujudipun raos mawi ‘simbol’ tetembungan, dados anggenipun nyariosaken menika mboten kanthi gamblang lan migunakaken ukara ingkang cetha kados gancaran utawi wacan anaging anaging kanthi ‘tersirat’ .
Upaminipun kangge ngandharaken ‘atiku kalara-lara amerga dheweke wis gawe aku nangis’ cekap migunakaken tembung-tembung ‘atiku muwun’. Kajengipun sami nanging langkung cetha lan saged dipunraosaken. Menawi ningali mardikanipun geguritan sapunika, pramila menawi saged para mudha kedah langkung produktif nulis geguritan. Mangga sareng-sareng nguri-uri budaya Jawi.
Ngadeg Jejeg Aja Kandheg Mangu Aja Maju L.Yuyun Dian Susanti
Bacutna lakumu Aja benget mengo nengen apa maneh ngiwa Aja banget anggone tumungkul saya maneh ndhangak Jejegna lakumu Penerna niatmu Aja koregeti rasa jirihmu Mangu Aja Maju Mecaki dalan dawa tumuju mulya Pancen ora kaya ngedhepke netra Butuh ngubengke pikir Butuh kumlawene lembar sasuwir “Jer basuki mawa bea” Kabeh bakal tutug Kabeh bisa dirembug Lakonana kanthi lila Brongkalan sela lan lumebering bena Bisa gawe antebing paran urip Mlumpata kanthi teteg atimu Kelekna ing iline banyu rasa cilik atimu Uncalna adoh karep mangu-mangu kang ora prelu Delengen… Pangangenmu sajak ngawe-awe Kekarepanmu ngatonke eseme Kadya arep nunggu lakumu satekane Gocekana kenceng krentegmu Ambrukna kabeh pepalang sangarepmu Siji kang kudu tinandur Jujur ing atur Aja anggak yen bakale bisa lungguh dhuwur Elinga marang Maha Luhur Mesthi tumekaning makmur Juni 2011
Mung Rasa Tak tampa… Lelewaning ati krana papa Tekaku gawe cidra Kalara-lara punkasane sulaya Kareping ati maraku mung ngawula Nindake jejibahan nagara Tak tampa… Krikil ambyar ngarepanku Menawa katerak mesthi tiba Disingkiri lir banci nganggo benges ra wani Tak tampa… Muga amung panggraita wae Mung rasa, mung pangangen Kabeh dadia becik Kekiyatan utami ing ngriki Lebeting kalbu Gusti Maha Pirsa Semarang, 23 Juli 2009
JEJERE MANUNGSA Karipta dening L. Yuyun D.S
Ngerti… Dudu karep Laku kandheg Kuciwa, karep kandheg Rasa kagawa lunga tan bisa sirna
Dudu karep Esemu kanthil ing pojoking ati Lir tlutuh tumumplek memplak Kari ngreridu ati
Ati kari juwing-juwing pungkasane mekingkring Kabeh mau ra grahita Teka ora diceluk Lunga sapa nyana
Kleru… Rasa kang kleru Katinggal mlayu sansaya ngluru
Apa kang ana pancen kleru Saumpama pethuk paribasan remuk
Sapa kang daktutuh Lakumu mengetan Dalanku mengulon Tangeh kapethuk
Rasa iki nggubet tan bisa uwal Ancik-ancik pucuking eri Aku maju gawe tatu awakku Aku mlayu katerak lindhu Aku mandheg kalindhes watu kajugrugan Semeru
Rasa apa iki Cupet nalarku Cubluk angenku Cupet, cubluk candhakku
Aku ora bisa nyekel Kamangka ana ing tlapukan
Aku mung jejere manungsa Kabeh adoh saka kuwawa Manawa kabeh bisa diputer Aku njaluk tekamu ora liya Ora ana kabut peteng dadi pepalang Padang pranyata peteng dadi pepalang
Aku bakal nyuwun marang Akarya Jagad Aku manungsa kuwawa Kang pantes njaluk sacuwil atimu
Kabeh dak pendhem jero Jero selaning kalbu Bakal ilang bebarengan jalma merem ing Pangku