ANALISIS GEGURITAN “Dongeng” dening Salma Karunia Usmani (19/MIPA SKS)
A. Purwaka Geguritan kang kapisan dipilih iku geguritan kanthi irah-irahan irah- irahan “Dongeng” dijupuk saka Buku Jaya Baya No. 17 Tgl. 6 April 2003. Geguritan iki kadhapuk saka 4 pada. Alasan geguritan “ongeng” dakpilih yaiku amarga geguritan iku B. Geguritan kang dianalisis
Dongeng Rembulan pinanjer ing langit abot sisih kinupeng mega ireng pinanggang teja abang hawa saatos waja, banyu sepait santen rempelu Delengan kae, he, bocah-bocah angon manuk gagak kekalang sandhuwure prau layar apa ing jerone sumimpen wangke panggangan kidang pepestane para kelasi apa opor gajah pepintane sang nahkoda? (angin sumribit sansaya banter prau layar kompal-kampul kasentor alun nahkoda lan kelasi ngliga pedhang sirahe binalebed pita dawa warna abang bokmenawa sedhela maneh andhon andhon pesta sandhuwure prau sing kelangan keblat, cagak layar putung, lan alun sangsaya gulung-gumulung) Pira suwene kowe kudu ngenteni babare cangkriman sing ginubed ginubed ula weling ukara-ukarane siningid ing capite kalajengking kamangka kewan-kewan alasan wis padha gawe jala nganggo rante emas ngemu wisa lan lelagon bocah kasilep angin wengi langgame mlilit binorehan karerantan Rembulan wis meh angslup ewadene gapura kae isih dhoyong cagak-cagake pasewakan isih njembrug, kembang mlathi bacin gandane. Ambal Kebumen, Juli 2003 ( Jaya No.17 – Tanggal Tanggal 26 April 2003) Jaya Baya, No.17 –
Tembung Buruh Kringet manjilma getih wis bali marang kasajaten ngemonah saplinthi napas sadawane tampar nasib kareben perangan kebak kaendahan saka urip iki bisa tumelung marang tanduran kebak kasangsayan tumrap nasib getir sing kudu digulawenthah sarana esem lan kalamangsane beja sumelip tangis kabungahan saka anak bojo sing kulina wawuh lawan rerintih linambaran pangerten marang pandum sing wis ginaris najan sepira ngungune pangrasa ati anane satetes rejeki sing tetep digemateni dalan-dalan panas ditambah kanthi jangkah kebak donga kareben kagetiran iki ora pait lamun kudu dilanggga Ambal Kebumen, September 1996 ( Jaya Baya, No. 8 – Tgl. 22 Oktober 1995) C. Struktur Lair lan Struktur Batin Geguritan 1) Struktur Lair Pilihan tembung Pilihan tembung yaiku nyakup aspek diksi, imaginery, lan tembung konkret. Katelune ana sesambungane karo pamilihe tembung sajrone geguritan. Diksi iku bab pilihan tembung, kayata jinise tembung kang ngandhut makna sabenere utawa makna kias, migunakake tembung padinan lan uga ana sesambungane karo latar belakange panulis (pendidikan, agama, lsp). Imaginery yaiku tetembungan kang bisa ngungkapna pengalaman sensoris, kayata pandeleng, pangrungu, lan pangrasa. Tembung konkret yaiku tembung kang digunakake kanggo nyethakna apa kang dikarepake dening panulis. a. Basa figuratif (majas) Basa figuratif utawa majas yaiku basa kang dinggo dening panulis geguritan kanggo ngungkapna gagasan kanthi cara kang ora biasa, yaiku kanthi cara o ra langsung, kanthi lambang-lambang tartamtu kang maknane kias. b. Versifikasi Versifikasi ing geguritan (basa Jawa) sesambungan karo purwakanthi swara, purwakanthi sastra, lan purwakanthi basa. Purwakanthi swara menawa ana swara vokal kang dibaleni. Purwakanthi basa yaiku aksara konsonan kang dibaleni. Olehe mbaleni swara vokal, aksara konsonan, utawa tembung bisa dumadi saben larik, utawa antarane larik siji lan larik liyane ing saben pada. c. Tipografi Tipografi mujudake bab kang wigati kang mbedakake antara geguritan, prosa, lan drama. Rentetan larik-larik geguritan ndadekake pada, dudu paragraf (ing prosa). Carane nata larikk-larik geguritan iku bisa ndadekna makna tambahan ing geguritan. 2) Srtuktur Batin
a. Tema Tema mujudake gagasan pokok panulis kang ndhasari katulise geguritan. Menawa panulis duwe greget kuwan nulis bab sesambungane marang kang Kuwasa, mula geguritane bakal katulis kanthi tema ketuhanan. Geguritan uga bisa katulis kanthi tema liyane kayata kemanusiaan, patriotisme, kedaulatan rakyat, katresnan, keadilan sosial, lsp. b. Pangrasane penyair Nalika ngripta geguritan, swasana rasa pangrasane panulis melu kawetokake lan kudu bisa dirasakake dening pamaca. Rasa kang dirasakake dening panulis kang kawetu ing geguritan bisa rasa seneng, susah, nesu, setya, welas asih, kangen, lan tema liyane. c. Sikap penyair marang pamaca Sajrone nulis geguritan, panulis/penyairduwe sikpa tartamtu marang pamaca kayata ngguroni, aweh piweling, ngenyek, nyindhir, utaewa lugas, apa anane, mung ngetokna rasa/nyritakna bab tartamtu marang pamaca. d. Amanat Amanat iku mujudake bab kang ndadekake panulis ngripta geguritane. Amanat bisa kawedharake marang pamaca kanthi ora langsung (tersirat), bisa uga kanthi langsung (tersurat). D. Pangrembangan E. Panutup F. Lampiran Nama : Salma Karunia Usmani TTL : Wonosobo, 13 Februari 2001 Alamat : Sibunderan rt 05 rw 04 Krasak Mojotengah Riwayat pendidikan : - TK ABA II WONOSO (lulus 2007) - SD Negeri 2 Wonosobo (lulus 2013) - SMP Negeri 1 Mojotengah (lulus 2016) - SMA Negeri 1 Wonosobo (menempuh tahun terakhir) Motto :