Babad Baturaden Ing jaman rumiyin wonten abdi (batur) ing satunggaling kadipaten ingkang naminipun Suta. Tugasipun Suta menika ngrawat jaran kagunganipun Kanjeng Adipati. Biasanipun, sesampunipun ngayahi tugas Suta mlampah-mlampah wonten saklingkupipun kadipaten. Wonten ing sawijining sonten, Suta mlampah-mlampah sakcerakipun pasiraman. Piyambakipun kaget mireng suwantenipun tiyang estri jerit-jerit. Suta lajeng mlajar madosi suwanten menika.
Baturraden Ing jaman ndhisik, ana batur ing sawijing kadipaten kang aran Suta. Suta tugase ngrawat jarane Kanjeng Adipati. Sakwise ngrampungake gawean, dheweke seneng mlaku-mlaku ning saklingkupe kadipaten. Ana ing sawijining wektu sore, pas Suta mlaku-mlaku sakcedake pasiraman, dheweke kaget ana suwara jerite wong wadon. Suta cepet-cepet mlayu nggoleki suwara mau. Akhire Suta tekan ing ngisor wit gedhe, ing kono Kanjeng Putri lagi njerit-njerit. Kanjeng Putri kaweden sebab ing sakngarepe ana ula kang gedhe banget. Ula kuwi mangap siap nyaplok Kanjeng Putri. Suta sakjane wedi karo ula, nanging dheweke ora mentala weruh Kanjeng Putri pucet kaweden. Suta cepet-cepet njupuk pring gedhe banget, terus ndase ula digebuki ngaggo pring nganti mati. “Aku neda nerima marang kowe Kang Suta, kowe wis nylametake nyawaku.” “Menika sampun kewajiban kawula. Kula abdi Kanjen g Adipati, Rama Kanjeng Putri.” Sawise kadadean kuwi, Kanjeng Putri tambah rukun karo Suta. Nganti sakarone, sepakat urip bebarengan. Rencana kuwi nganti krungu Kanjeng Adipati, Kanjeng Adipati banjur duka marang Kanjeng Putri. “Suta kuwi batur! Lha kowe raden, putri adipati. Kowe ora oleh urip bebrayan bebrayan karo batur kuwi!” Kanjeng Putri dadi sedih banget krungu ngandikane Kanjeng Rama. Luwih-luwih krungu kabar yen Kang Suta dijebloske nang pakunjaran amarga kasalahane wani nglamar Kanjeng Putri. Suta ora diwenehi pangan lan ngombe ing sajrone pakunjaran. Luwih-luwih neng kono diblebeki banyu nganti sakduwure bangkean. Akibate Suta lara panas. Krungu kabar kuwi, Kanjeng Putri nduweni tekad arep mbebaske Suta.
“Emban, aku kudu bisa mbebasake Kang Suta saka pakunjaran, melasi dheweke. Aku wis tau ditulungi Kang Suta. Aku utang nyawa karo Kang Suta. Aku diewangi ya, Emban.” Ujare Kanjeng Putri karo embane. Emban ngerti perasaane Kanjeng Putri marang Kang Suta. Emban uga melas marang Suta kang wiwit lara ing sajroning pakunjaran. Dheweke meneng-meneng nglinep ing pakunjaran, trus mbebasake Kang Suta. Kang Suta digawa ing sajroning papan panggonan kang wis ditunggu Kanjeng Putri. Kanjeng Putri lan Kang Suta banjur lunga nunggang jaran. Saklorone nyamar dadi wong ndeso, dadi ora dikenali wong liya. Sakwise nglakoni mlaku cukup adoh tekan sawijining pinggir kali, saklorone pada leren. Kanjeng Putri terus ngrawat Kang Suta kang isih lara nganti mari. Saklorone banjur urip bebrayan ning papan panggonan kono. Papan panggonan kuwi sakteruse diarani Baturaden. Batur tegese rewang, lan Raden tegese turuning priyayi. Baturaden saiki dikenal dadi panggonan pariwisata kang apik ana ing lereng kidul Gunung Slamet. Baturaden klebu wilayah Kabupaten Banyumas, saklore Kota Purwoketo.
Nama : No : Kelas :
Bernadeta Yosefani A. 02 IX H