Assalamu’alaikum wr wb
Alhamdulillahirobbilalamin. assolatu wassalamu’ala asrofil ambiya’i wal mursalin, wa’alaihi wasobihi, aja’ ma ngin ama ba’ddhu.
Dumeteng Para pini sepuh ingkang tansah kinabekten. Dumeteng penjenanganipun bapak dukuh ingkang tansah kinurmatan, Dumeteng bapak- bapak, Ibu- ibu, saha jamaah masjid ……. ingkang tansah kula hormati.
Langkung rumiyen kapereng kula ing mriki nyuwun panganpunten, awit wonten wekdal punika kulo piniji pinangko pambiworo syawalan wonten ing titiwanci puniko. Namung sakderingipun kula maosaken menggah urut-urutaning adicara wonten wekdal puniko.
Langkung rumiyin sumonggo kita tansah ngatureken puji saha syukur wonten ngrasanipuin Allah SWT, awit kanthi rahmat saha hidayahipun kita saget kempal manunggal ing papan menika, kanthi manggih kawidadan, kawilujengan, kawilujengan, sedayanipun. sedayanipun. Sholawat saha salam katatepno dumateng Junjungan Kita Nabi Agung, Nabi Muhammad SAW, Dumateng garwa putra, para sahabatipun, par a penderekipun, Mugi kalebetno kula saha panjenengan sedoyo ingkang tansah mawantu- wantu safa’attipun binjeng wonten dinten yaimul khiamah. Allahumma Aminnn...
Ing salajengipun kepareng kula ing mriki badhe ngaturaken urut- urutaning adicara syawalan syawalan ing wekdal punika: 1.
Adicara ingkang setunggal “Pambuka”
2.
Ingkang nomer kaleh “Waosan Ayat- ayat Suci Al-Qur’an”
3.
Salajengipun nomer tiga “Atur Pambagyoharjo” saking Panitia Swayalan.
4.
Ingkang nomer sekawan “Ikrar Syawalan” saking jamaah Masjid …..
5.
Salajengipun angka gangsal “Atur panampi” saking para pinisepuh.
6.
Selenjengipun inggih puniko Doa.
7.
Ingkang Pungkasan Panutup.
Mekaten wau menggah urut-urutaning adicara ingkang samengkeh badhe lumampah.
==========================PEMBUKA============================= Lumebet adicara ingkang sepisan Pambuka, sumangga ki ta purwakani kanthimaos basmallah ---------------------------------------Bismillahirohmanirohim------------------------------------------------------Mugi-mugi kanthi waosan Basmalah punika, Gusti Allah paring rohmat, saha adicara punika saged lumampah kanthi wilujeng sedayanipun. Amiin
=======================QALAM ILAHI=============================
Salajengipun, waosan ayat- ayat suci AL-Qur’an, ingkang samengkeh dipun waosaken sedherek …….. Wekadal kula sumanggakaken.
---------------------------------------Bismillahirohmanirohim-------------------------------------------Kula aturaken panuwun dhumateng sedherek Arum saha sedherek Rika ingkang sampun waosaken ayat-ayat suci Al Quran. Mugi mahanani dhumatengkatentreman kito sedoyo . Amiin
=======================ATUR PEMBAGYA HARJO====================
Ngancek Acara salajengipun, inggih puniko atur pembagya harjo saking panitiapenyelenggara, ingkang samangkeh badhe dipun wakili panjenengannipun Bpk … . Wekadal kula sumanggakaken. --------------------------------------------------ngendika--------------------------------------------------Maketen wau menggah atur pambagya harjo saking panitia swayalan
========================== IkrarSyawalan============================ Dumeteng Jamaah Al- muhtadin ingkang tansah kinurmatan, Semongga adicara kita lanjengaken. Ngancik acara ingkang salejengipun inggih puniko ikrar swayalan (mandek) : Wakil atur ikrar sawalan ingkang dawah nemsaha jamaah masjid Almuhtadin ingkang mangkeh dipun slirani panjengannipun Bpk ….. Wekadal kula sumanggakaken.
--------------------------------------------------ngendika--------------------------------------------------Kula aturanken agunging panuwun dumateng Bpk Wardani ingkang kersa amakiliatur saking jamaah masjid Al- Muhtadin.
============================ATUR PANAMPI======================== Lumebet adicara ingkang salejingipun atur Panampi para pinisepuh ingkang samangke badhe dipun slirani panjenganipun Bpk ……. Dhumateng Bpk …….wekdal kul sumanggakaken. --------------------------------------------------ngendika--------------------------------------------------Matur nuwun dhumateng Bpk …. ingkang sampun kersa amakili atur saking sedoyo para pinisepuh.
=============================DOA================================= Ngancik acara ingkang salajengipun inggih peniko doa, Pramilo dhumateng bpk Kaum__________ wekdalkula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng ............. Sampun kersa mimpin doa kagem Halalipun agen kitho ngawontenaken syawalan wonten wekdal puniko.
Dumeteng Jamaah Al- muhtadin ingkang tansah kinurmatan, Kagem syahipun agen kito ngawontenaken syawalan wonten ing wekdal punika .ing mangkeh badhe dipun wonteni adicara jabat asto / salam-salaman. Ing mangkeh kasuwun penjenganipun Bpk … sepados angrampetaken adicara jabat asta / salam-salaman wonten wekdal puniko.
==========================PANUTUP================================ Namung sakderengipun wekdal kulo aturaken, kula minangka pranata adicara, mbok bilih salebetipun kula dherekaken adicara kirang trapsilo sahatumpangsung anggen kula matur.kula nyuwun agunging pangapunten.Sumanggaadicara puniko kita pukasi kanthi atur Hamdallah sesarengan.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
C ontoh Pranatacara S yawalan
A ssalamu’alaikum wr wb Bismillahirohmanirohim,alhamdulillahirobbilalamin.assolatu w assalamu’ala asrofil ambiya’i wal mursalin, sayidina
muhammadin wa’ala aalihi washohbihi ajmangin, amaba’du Para pini sepuh saha para sesepuh ingkang satuhu dahat kinabekten Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana Langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom...(nama tokoh yang akan memberikan tausiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang satuhu dahat kinurmatan Para Bpk sumrambah para Ibu,para sedherek, lan para rawuh sedaya ingkang minulya Kula ingkang kajibah minangka pranata titilaksana ing adicara syawalan ing ndalu menika, keparenga langkung rumiyin ngunjukaken puja pangalembana saha sokur ing ngarsa dalem Allah SWT, dene awit saki ng rahmat saha hidayah ipun, kula panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun kaparengaken makempal ing papan menika, kanthi rahayu, widada, wilujeng nir ing sambekala. Salajengipun minangka cecala, keparenga kula ngaturaken rantaman urutaning titilaksana adicara syawalan ing dalu menika,mekaten: Titilaksana adicara angka setunggal_Pambuka Kalajengaken Titilaksana adicara angka kalih_ Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-
Qur’an, ingkang samangke badhe dipunsalirani dening sedherek.... Ndungkap titilaksana adicara angka tiga_wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bpk dukuh pedukuhan.... Titilaksana adicara angka sekawan_Ikrar syawalan ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun Bpk.... Wondene titilaksana adicara ingkang angka gangsal nun inggih_Hikmah syawalan, ingkang samangke badhe kaparingaken dening almukarrom Bpk.... Titilaksana adicara angka enem utawi pungkasan_Panutup ==============================
Read more: http://setyonug.blogspot.com/2012/08/contoh-pranatacara-syawalan.html#ixzz3hpbu0Dkw
Contoh Pranatacara Bahasa Jawa
Assalamualaikum Wr. Wb. Wabihinasta mu ‘ala umuridun ya wadin,wala khaula quwata illabihil ‘alaihil ‘adim. Nabiyina Muhammadin wa’ala wah sohbihi aje’ ma’in.
Kepareng matur baroyo ageng Eyang Ranudiryan ingkang mboten saget kula aturi setunggal dhateng setunggal ingkang dipun rahmati Allah SWT. Puji syukur kula sumanggaaken dumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan saha kawilujengan lahir menopo batin, wontening titiwanci enjang menika kula lan panjenengan taksih kinersaaken Allah makempal/manungal wontening papan menika, ingkang saperlu silaturahmi miwah halal bihalal baroyo ageng Eyang Ranudiryan. Kanthi linambaran iman saha ikhlas mugi-mugi rawuh panjenengan wonten papan menika cinatet minangka amal pangibadahan ingkang tinarimah lan ssak lajengipun mugi Allah kepareng paing lelintu kasahenan ingkang sak kathah-kathahipun dhumateng panjenengan sedoyo.Amin ya robal ‘alamin.
Sholawat saha salam mugi katetepna dhumateng junjungan kula lan panjenengan, Nabi Agung Muhamad SAW tumedhak garwo, putra, para sahabat, tabi’in, lumeberipun dhumateng sedoyo pendherekipun, ingkang tansah ngantu-ngantu safaatipun. Amin ya robal alamin. Ingkang saklajengipun
kula matur dhumateng panjenengan sedaya minangka kula
pranata adicara ing adicara menika ingkang saperlu maosaken menggah urut laksitaning adicara silaturahim halal bihalal baroyo ageng Eyang Ranudiryan wekdal menika : Adicara ingkang : 1.
Pambuka kalajengaken kitab suci Al Quran
2.
Atur saklimah
3.
Aturpangandikan
4.
Dzikir
5.
Pengaosan
6.
Ikrar Syawalan
7.
Panutup
Mekaten saguh pilenggah menggah urut laksitaning adicara silaturahmi halal bihalal wonten ing titiwanci menika.
Ngemuti wekdal ingkang sampun dhumugi titiwancinipun sumangga kita purwakani adicara menika. Lumebet adicara ingkang sepisan Pambuka, sumangga ki ta purwakani kanthi atur basmallah sesarengan kalajengaken waosan kitab suci Al Quran, sumangga dhumateng ........... wekdal kula sumanggaaken. Kula aturaken panuwun dhumateng ............ ingkang sampun maosaken ayat-ayat suci Al Quran. Mugi mahanabi dhumateng kawilujengan saha k atentreman panjenengan sedoyo ingakang kepareng midangetaken waosan kitab suci. Dhungkap adicara ingkang kaping 2 inggih menika Atur Saklimah saking panitia. Wekdal kita sumanggakaken. Matur panuwun dhateng ............. ingkang sampun paring Atur Saklimah, mugi dhadosno pamrikso. Lumebet adicara ingkang kaping 3 inggih menika Atur Pangandikan. Dhumateng ............ wekdal kul sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng ............ ingkang sampun paring pangandikan minangka sesepuh yayasan mugi dadosno pamriksa. Adicara ingkang kaping 4 inggih menika Dzikir. Dhumateng .......... wekdalkula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng ........... ingkang sampun Dzikir. Mugi mahanani dhumateng kawilujengan sha katentreman panjenengan sedaya. Lan mugi amal kasahenanipun dipun tampi Allah lan kaparengan ganjaran ingkang tikel-matikel. Dhungkap adicara ingkang kaping 5 inggih menika Pangaosan. Dhumateng .......... wekdal kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng ........... ingkang sampun paring pangaosan. Mugiamal kasahenanipun dipun tampi Allah. Lumebet adicara ingkang kaping 6 inggih menika ikrar syawalan. Dhumateng ..........wekdal kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng ............ ingkang sampun paring ikrar syawalan. Mugi tasah pinaringan ingkang sakmurwatipun saking ngarsa dalem Allah. Lumebet adicara ingkang pungkasan inggih m enika panutup. Namung saderengipun katutup, kula minangka pranata adicara kathah kalepatan lan anggen kula matur kirng subasita kula nyuwun agunging pangaksami. Kupat bumbune santen, menawi lepat nyuwun pangapunten. Sumangga kita sampuni kanthi atur Hamdallah sesarengan. Wassalamualaikum Wr. Wb.
Contoh Pranatacara Syawalan Posted by Setyo_NugSaturday, August 25, 20120 comments Assalamu’alaikum wr wb Bismillahirohmanirohim,alhamdulillahirobbilalamin.assolatu wassalamu’ala asrofil ambiya’i wal mursalin, sayidina muhammadin wa’ala aalihi washohbihi ajmangin, amaba’du
Para pini sepuh saha para sesepuh ingkang satuhu dahat kinabekten Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana Langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom...(nama tokoh yang akan memberikan tausiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang satuhu dahat kinurmatan Para Bpk sumrambah para Ibu,para sedherek, lan para rawuh sedaya ingkang minulya Kula ingkang kajibah minangka pranata titilaksana ing adicara syawalan ing ndalu menika, keparenga langkung rumiyin ngunjukaken puja pangalembana saha sokur ing ngarsa dalem Allah SWT, dene awit saking rahmat saha hidayah ipun, kula panjenengan sedaya ing wekdal menika sampun kaparengaken makempal ing papan menika, kanthi rahayu, widada, wilujeng nir ing sambekala. Salajengipun minangka cecala, keparenga kula ngaturaken rantaman urutaning titilaksana adicara syawalan ing dalu menika,mekaten: Titilaksana adicara angka setunggal_Pambuka Kalajengaken Titilaksana adicara angka kalih_ Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe dipunsalirani dening sedherek.... Ndungkap titilaksana adicara angka tiga_wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bpk dukuh pedukuhan.... Titilaksana adicara angka sekawan_Ikrar syawalan ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun Bpk.... Wondene titilaksana adicara ingkang angka gangsal nun inggih_Hikmah syawalan, ingkang samangke badhe kaparingaken dening almukarrom Bpk.... Titilaksana adicara angka enem utawi pungkasan_Panutup ============================== ==Contoh Ikrar Syawalan==
TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA Judul: Contoh Pranatacara Syawalan Ditulis oleh Setyo_Nug Rating Blog 5 dari 5 Semoga artikel ini bermanfaat bagi Anda. Jika ingin mengutip, baik itu sebagian atau keseluruhan dari isi artikel ini harap menyertakan link dofollow ke http://www.setyonug.web.id/2012/08/contohpranatacara-syawalan.html. Terima kasih sudah singgah membaca artikel ini. - See more at: http://www.setyonug.web.id/2012/08/contoh-pranatacarasyawalan.html#sthash.ivCeo4m3.dpuf