Pranatacara Tingkeban Pambuka Nuwun, para pepundhen, para pinisepuh, miwahsesepuh, mugi linepana ing tulak sarikbendu-panyendu anggen kula kumawani ngadeg ing ngarsa paduka, nigas wacana munggel kamardikan anggen paduka imbal wacana. Kula didhawuhi ingkang hamengku gati tingkeban tingkeban nun inggih bapak Ibu Suwiryo Para ibu-ibu, para bapak-bapak ingkang satuhu kinurmatan. Saklajengipun sumangga tansah kula dherekaken dherekaken memuji mring ngarsanipun Gusti kang maha kuwasa, dhedhepe ing pepadanipun, amarikelu tansah ngaturaken pamuji syukur rahayu. Nun inggih hamung saking sa king sih wilasanipun, kula panjenengan sedaya kepareng pinaringan daya kekiyatan satemah saged s aged nunggal ngempal ing sasana riki saperlu nekseni saha mangertosi tumapaking karya upacara tingkeban antawisipun Nimas !" !" saha dhimas P#$%&I, ingkang sekedhap malih, menawi Gusti ngudaneni badhe kagungan momongan. Saderengipun tata rakiting adicara tingkeban kawiwitan, keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning titi laksana. Sepisan, pambuka. Kaping kalih, atur pambagyaharja. Saparipurnaning atur pambagyaharja tumuli tumapak gatining laksana nenggih adicara ingkang kaping tiga, nun inggih rerangkaining rerangkaining adicara tingkeban nun inggih sungkeman, siraman, sesuci, pecah pamor, brojolan antiga, sigaran cengkir gadhing, nyampingan, luwaran saha simparan, wiyosan, kudangan, bubukan, kembulan saha unjukan, rencakan, rujakan saha dhawetan. &ene minangka pethiting titi laksana nun inggih panutup %ekaten kalawau menggah reroncening titi laksana ingkang rinacik, sumanga enggal tumapak gatining laksana ingkang kaeka nun inggih pambuka. %inangka pambukaning titi laksana, sumangga kanthi patrap pa trap ingkang sampurna kula dherekaken dherekaken memuji muhung mring ngarsanipun Gusti. Puji pandonga rahayu, sumangga kula dherekaken. %ugi pangeran ingkang mahawikan paring berkah, satemah adicara tingkeban saged lumapah boten cengkah kaliyan racikaning titi laksana, mung akarya bingah mring kang samya lenggah
Pambagyaharja
wit saking bingahing penggalih 'apak Ibu S"(I$!) dupi priksa paduka ingkang sampun lenggah satata pepak sinaroja, bandharing wacana kasumanggakaken dhumateng 'apak %"N. &humateng 'apak %aun sumangga, dene bapak Ibu S"(I$!) kasuwun jumeneng hangampingi 'apak %aun.
%ekaten kalawau menggah pangandikanipun ingkang hamengkugati lumantar panjenengan 'apak %"N. dicara saklajengipun nggih menika upacara *ingkeban. Ingkang kapisan inggih menika+
Sungkeman &humateng ngarsanipun ingkang bebesanan nun inggih 'apak Suwiryo muwah bapak ibu oko keparenga sawega ing dhiri kanthi lenggah ing sasana ingkang piniji. &umateng Ibu juru paningkeb, keparenga hanganthi Nimas yu sarta &himas Permadi lumarap ing ngarsaning ingkang rama sarta Ibu. Ingkang kaeka Nimas yu badhe sumungkem dhumateng ingkang raka nun inggih ingkang garwa &himas Permadi sineksenan mring para wredha. Sasampunipun sumungkem dhumateng ingkang raka nun inggih ingkang garwa, kekalihipun arsa anguswa pepadhaning ingkang rama miwah ingkang Ibu.
Siraman Kados sampun lenggah satata Nimas yu, sarta sampun sumandhing hanjenengi nun inggih rama miwah ibu. rsa ginarujug ing warih, kasoking toya sarta pamuji donga rahayu, lamun ginantha ing wardaya kadya udan basuki. Sampun jangkep pitu cacahipun, Nimas yu pinaringan jamas pasiraman saking tuk pitung sumber
Sesuci
Salajengipun ingkang rama kepareng paring sesuci kanthi toya kang mijil saking telenging kendhi pranata. Kanthi sesuci warata ing saranduning sarira, mugi-mugi Nini yu tansah pikantu pitulungan sarta pangayoman, sentosa ing jawa, pikukuh ing raga, manunggal tekade, nyawiji rasane satemah mantep ing wardaya kalamun badhe kagungan putra.
Pecah Pamor Paripurn paring sesuci, kendhi arsa kapecah mring ingkang rama miwah ingkang ibu.
Brojolan Paripurna mecah kawah, tumuli katindakaken adicara brojolan. Ibu juru paningkeb kepareng njumenengaken Nini yu. ntiga kadhawahaken sangajenging jaja pecah sanalika. Kuninge antiga pralambang rah, putih pralambang sungsum. Nini yu mugi tansah sinengkuyung mring rah lan sungsum anggenira mbobot ingkang putra, satemah sarira tansah sentosa, sinangga ing kebagaswarasan.
Sigaran Salajengipun Nini yu kakanthi mring bapa-ibu tumuju dhumateng sasana busana. &ene bagus Permadi tetep jumeneng ing sasana riki saperlu nindakake adicara sigaran. Kados sampun sawega samudayanipun, pramila saumangga &himas Pernadi kula aturi jumeneng hangadhepi cengkir. Para tamu kasuwun paring panjurug amrih &himas permadi sakalangkung bombing lan grengseng. %enawi sampun samekta, badhe kula abani + stunggal ..kalih tiga. engkirgadhing sampun binelah kados pundi para tamu wujudipun/ Pas tengah menapa meleset/ %ekaten para tamu, cengkir sampun kasigar . pranyata sigaraning &himas Permadi meleset, pratandha badhe kagungan putra kakung.
Nyampingan
Salajengipun adicara nyampingan, dumateng juru paningkeb kula sumangga
Luwaran lan Simparan Katingal sampun pantes, gandhes, luwes tur kewes Nimas yu. Salajengipun badhe katindakaken adicara luwaran. 0uwaran ngemu pralampita sinandi, bilih ingkang garwa setya tuhu sarta tresna mring pawestri satemah suka pitulung amrih laire ponang jabang bayi kalis saking sambekala. aranipun &himas Permadi badhe nigas janur kuning ingkang tinangsulaken ing padharan ingkang garwa. *inigas saking ngandhap manginggil. Sasampunipun nigas janur kuning, &himas Permadi mundur tigang plangkah, lajeng lumanjar sasanter-santeripun. 0umajar ing bagus Permadi dadya pratandha gangsar wijiling ponang jabang bayi. Ing palataran &himas Permadi sigra nendhang klenthing prantandha pecahing kawah, hanyimpar ayam pratandha gangsaring lair.
Wiyosan Para ibu ingkang kinurmatan, salajengipun sampun dumugi mangsa kala adicara wiyosan, nun inggih pralambang miyosipun jabang bayi lumepas saking guwa arbaning rena. Kalamun ponang jabang bayi wus tapa brata ing guwa garba nawa candra dasa ari suwene, kepengin weruh padhanging donya endahing jagad kanthi lair ing alam padhang. Pramila sumangga ingkang sepisan calon eyang putri nun inggih eyang pambudi kula aturi nampi wijiling ponang jabang bayi. Paripurna wiyosan cengkir gadhing kang sepisan. Salajengipun cengkir gadhing dewi Kamaratih, badhe kawiyosaken tinampi mring eyang putri &wija 1artana. Samun tinampi, age-age eyang kakung &wija 1artana marepegi eyang putrid sarwa-sarwi gupuh ing pitaken.
Kudangan Ibu Pambudi saha Ibu dwija, panjenengan samenika sampun dados yangti 2eyang putri3, cobi para tamu kepingin mangertos kados pundi menawi panjenengan ngudang wayah/ Kados pundi ibu-ibu menapa panjenengan
sarujuk menawi eyang-ayan menika ngetingalaken caranipun ngudang wayah. %enawi setuju, paring keplok ingkang gayeng. 4Ibu Pambudi saha Ibu &wija, menika tamu sami keplok malah kepara gayeng, tegesipun panjenengan kedah ngundang wayah 4mangga5
Bubukan Salajenipun para eyang menimang cucu 2cengkir gadhing3 lan di turokaken wonten papan ingkang sampun disiapaken
Kembulan lan unjukan Sumangga &himas Permadi lan Nimas yu, kula aturi mundhut sekul salawuhipun ingkang wonten tumpeng pitu. &hahar kembul sesarengan mratadhani guyup rukuning tiyang mangun brayan. Guyup rukun dadya prantandha kabagyaning kula warga. Ngunjuk toya wening dadya pratandha, kalamun sekehing tindak tanduk, muna lan muni kapenggalih kanthi wening.
Kukuban Paripurna acara kembul bujana, dhahar dedulang, calon ibu bapak badhe nindhakake kukuban. Saniskaraning sarana busana badhe kaasta dhumateng papan palereman, nun inggih papan ingkang piniji, ingkang pinitados saged dados sasananing garwa hanggenira ngrerantu wijiling sunu. Sumangga dhimas sarta Nimas.
Rencakan $ebutan piranti ingkang dimigunakake dene upacara tingkeban
Rujakan lan dhawetan Kalamun sampun antri mundhut rujak miwah dhawet, dhumateng para tamu kersaa kembul bujana, ngrahabi pasugatan ing papan ingkang piniji kanthi ladi pribadi2prasmanan3 Sumangga
Pungkasan Purwa, madya sampun dumugi pungkasaning titi laksana. %awantu-wantu panuwunipun ingkang hamengku gati konjuk mring para tamu ingkang minulya, para kadang sentana, kadang panuwun kridha, tanga miwah tepalih ingkang sampun paring eguh pratikel, bau suku, bandha beya, amrih kasembadyan saha rancaking titi laksana tingkeban ing wanci menika. Ingkang hamengku gati hamung saged nyenyuwun mring ngarsaning widhi, mugi gusti kepareng nedhaaken lelinthu ingkang satraju syukur bage hanglangkungana Pethit pepuntoning atur, kula pambiwara kalamun wonten cicir cewet kuciwaning atur, jalaran kirang pandhapuking basa, kirang runtut pangrakiting ukara, sayuk karya wulung wido mangsa rowang, sayektinipun awit saking bodho kawula. enang sela-sela kang pindha ancala, apuranta cinandhi salam-lama nuwun.