Ing salajengipun saben panganggen badhe ka-urutaken andharanipun, wiwit saking pangertosan, warni-warninipun, caranipun mangangge, saha paugeran panganggenipun. 1. a.
UDHENG Pangertosan Udheng Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon blangkon manawi sampun dados kantun hangagem. Dene basa kramanipun dhestar , punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi sirah. Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun. Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak (taplak meja) lajeng meja) lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.
b.
Wangunipun Udheng Miturut wangunipun, ingkang kaprah wonten kalih inggih punika.
1)
Udheng Jebehan Udheng jebehan menika titikanipun ing ngajeng mboten mawi kuncungipun, sisih wingking mondholanipun terusan mlered saking nginggil mangandhap mujudaken irung-irungan lonjong nanging trepes. Dene sakiwa tengenipun mondholan wonten jebehanipun, awujud awujud elar-elaran, mangiwa lan manengen. Ingkang besus mangagem udheng menika badhe katinggal merbawani sabab menika namung mligi ka-agem dening piyayi luhur.
2)
Udheng Cekok Mondhol Titikanipun udheng cekok inggih menika ing ngajeng wonten kuncungipun, dene ing wingking wonten mondholanipun, mondholanipun, awujud lonjong kados tumempel ing wingking wingking udheng. Sisih nginggilipun mondholan wonten rerengganipun awujud dhasi kupu alit.
c.
Peranganipun Udheng Nama – Nama – nama nama peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun:
Kuncung Inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas bathuk. Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol.